NO WASTING TIME!

Jumat, 14 September 2018

ATUR PAMBAGYAHARJA PASRAH PANINGSET



TULADHA ATUR PAMBAGYAHARJA PASRAH PANINGSET

Kula nuwun
,
Assalamualaikum  Wr.  Wb.
Kawilujengan, kamulyan minggahipun katentreman mugi tansah kajiwa saha kasarira dhumateng hangga panjenengan sedaya dalasan kula.
Para pinisepuh saha sesepuh ingkang satuhu kinabekten, sumrambahipun para tamu kakung saha putri ingkang kinurmatan.
Awit saking raos suka renaning manah saha bombonging panggalihipun Bp........................... sekaliyan mboten kuwawi matur piyambak wonten ngarsa panjenengan sedaya, menggah babaring atur, kula minangka talanging basa, kinen matur wonten ngarsa panjenengan sedaya.
Purwakaning atur, sumangga langkung rumiyin kula dherekaken sesarengan ngaturaken raos syukur wonten ngarsanipun Gusti ingkang Maha Agung, ingkang sampun paring kasarasan, kawilujengan saha katentreman dhumateng panjenengan sedaya dalasan kula, satemah ngantos dhumugi titi wanci punika, panjenengan sedaya dalasan kula taksih saget makempal manunggal wonten ing papan pahargyan wekdal  punika kanthi pinaringan wilujeng sedayanipun.
Para tamu kakung saha putri ingkang kinurmatan, minangka babaring atur, Bp.................................. kekalih lumantar kula kepareng hangambali ngaturaken pambagya wilujeng rawuh, dhumateng sedaya para tamu kakung saha putri, ingkang sampun kepareng lenggah wonten ing samadyaning pahargyan wekdal punika. Maliginipun dhumateng kadang badhe besan ingkang kinurmatan, sinareng raos panuwun ingkang tanpa pepindan, mugi keparenga panjenengan para tamu sedaya kasuwun lelenggahan kanthi mardikaning manah, saha hangestreni tumapaking tatacara ngantos pari-purna.
Para tamu ingkang winantu ing suka basuki, lekas wekasaning sedya wigatosing gati, kepareng kula ngaturaken menggah wigatosing atur, nadyan panjenengan sedaya hambokbilih sampun ngawuningani gatining sedya ing kalenggahan punika, nun inggih ing nguni Bp.................................... kekalih sampun gumolongaken rembag kaliyan Bp.................................... sekaliyan, karana ing pangajab sami-sami netepi darmaning asepuh nedya ngempalaken balung apisah, ngraketaken daging arenggang ing antawisipun  Bp............................... sekaliyan ingkang kagungan putra asesilih Bg ............................................... saha Bp..................................... kekalih ingkang hanggadhahi siwi putri asesilih Rr .................................
Manunggaling sedya ingkang sampun jumbuh, handaupaken putra badhe penganten nut satataning agami miwah adat ingkang sampun lumampah wonten ing wewengkon mriki. Inggih awit saking sedayanipun sampun manunggal cipta, rasa, miwah karsanipun, ing kalenggahan punika sampun katindakaken tata upacara pasrah panampining upakarti.
Mugi-mugi wekasing sedya saget kasembadan ingkang sami ginayuh, saha saking panyuwuning Bp ......................................... kekalih mugi wontena  jumurunging puji hastuti saking para tamu sedaya mugi hanggenya Bp .................................. kekalih nampi pasrah upakarti tansah manggih basuki ing sedayanipun.                                   www.trisnosolo.com
Hambokbilih Bp ............................................. kekalih sumrambahipun para kulawarga hanggenipun nampi rawuh panjenengan sedaya kirang  trep kaliyan palenggahan panjenengan sedaya, awit saking punika Bp ...................................... kekalih, namung tansah tumadhah lumebering pangaksami.
Ing saklajengipun dhumateng tangga tepalih, sanak sedherek lan kadang kaneman, ingkang sampun kepareng hambiyantu saha paring kadarman ingkang arupi bandha, tenaga, penggalihan lan rerigen sanesipun, sakestu sedaya kalawau saget handamel entheng sesangganipun Bp ............................................. kekalih.
Mugi kanthi kesaenan ingkang sampun panjenengan paringaken kalawau, sageta pinaringan lelintu ingkang matikel-tikel saking Gusti ingkang Maha Kawasa, lan mugi-mugi dados amal sae saha kuncaraning asma panjenengan piyambak-piyambak. Aamiin.
Para tamu kakung saha putri ingkang winantu ing pakurmatan. Mengggah panyuwunipun ingkang hamengku damel, mugi para tamu sedaya kersa hanglajengaken lelenggahan ngantos dhumugi pari-purnaning pahargyan  kanthi mardu mardikaning penggalih.
Wusananing atur, kula minangka talanging basa saking ingkang hamengku gati, hambokbilih wonten kirang saha langkungipun anggen kula matur, kula tansah nyuwun agunging pangapunten.
Cekap semanten, matur nuwun.       www.trisnosolo.com

Wassalamualaikum  Wr.  Wb.

(Sanggar Tresno Budaya)

0 komentar: