NO WASTING TIME!

Jumat, 14 September 2018

ATUR PANAMPI PASRAH PANINGSET



TULADHA ATUR PASRAH PANINGSET

Kula nuwun,
Assalamualaikum Wr.  Wb.
Kawilujengan, kamulyan minggahipun katentreman, mugi tansah kajiwa saha kasarira dhumateng hangga panjenengan sedaya dalasan kula.
Para pinisepuh saha sesepuh ingkang satuhu kinabekten, sumrambahipun para tamu kakung saha putri  ingkang satuhu luhuring budi, maliginipun dhumateng Bp.................................... ingkang minangka srayanipun Bp..................................... sekaliyan ingkang kinurmatan.
Sakderengipun kula nglajengaken matur, langkung rumiyin sumangga kula dherekaken sesarengan ngunjukaken puji syukur wonten ngarsanipun Gusti ingkang Maha Kawasa, ingkang sampun paring kasarasan, kawilujengan saha katentreman dhumateng panjenengan sedaya dalasan kula, satemah ngantos dhumugi wanci punika, panjenengan sedaya dalasan kula taksih saget makempal manunggal wonten ing papan pahargyan punika kanthi wilujeng.
Kula minangka sulihipun Bp................................... kekalih, ngaturaken pambagya wilujeng rawuh saha ngaturaken gunging panuwun, awit rawuh panjenengan  sakpangambyong wonten ing papan pahargyan punika. Wondene atur salam taklim saking Bp....................................... sekaliyan lumantar panjenengan, kula tampi kanthi atur Wa’alaikum salam Wr.  Wb.
Ing saklajengipun hanggen panjenengan masrahaken paningset ingkang arupi  kalpika lan ubarampe sanesipun, ugi kula tampi kanthi bingahing manah, tumunten badhe enggal kula aturaken dhumateng Bp ..................................... kekalih. Ing saklajengipun kula suwun  panjenengan sakpangambyong kersa hangestreni miwah paring pandonga mugi lampahipun pahargyan tansah manggih wilujeng kinalisaken saking sedaya  rubeda.   
Katur Bp ........................................ sakpangambyong, hambok bilih pahargyan sampun paripurna, kula namung ngaturaken wilujeng kondur, mugi ing mangke konduripun tansah manggih rahayu dumugi dalemipun piyambak-piyambak mboten wonten alangan setunggal punapa.
Makaten atur panampi kula minangka sulihipun ingkang hamengku gati. Wonten kirang saha langkungipun hanggen kula matur, kula tansah nyuwun agunging pangapunten.        
Cekap semanten, matur nuwun
Wassalamualaikum Wr.  Wb.

(Sanggar Tresno Budaya)

0 komentar: