NO WASTING TIME!

Jumat, 14 September 2018

ATUR PASRAH PANINGSET



TULADHA ATUR PASRAH PANINGSET

Kula nuwun,
Assalamualaikum Wr.  Wb.
Kawilujengan, kamulyan minggahipun katentreman, mugi tansah kajiwa saha kasarira dhumateng hangga panjenengan sedaya dalasan kula.
Para pinisepuh saha sesepuh ingkang satuhu kinabekten, sumrambahipun para tamu kakung saha putri ingkang satuhu luhuring budi, maliginipun dumateng  Bp............................ ingkang minangka srayanipun Bp.................................... sekaliyan ingkang kinurmatan.
Sak derengipun kula nglajengaken matur, langkung rumiyin sumangga kula derekaken sesarengan ngunjukaken puji syukur wonten ngarsanipun Gusti ingkang Maha Kawasa, ingkang sampun paring kasarasan, kawilujengan saha katentreman dhumateng panjenengan sedaya dalasan kula, satemah ngantos dhumugi wanci punika, panjenengan sedaya dalasan kula taksih saget makempal manunggal wonten ing papan pahargyan wekdal punika kanthi wilujeng. 
Menggah wigatosing pisowan kula, kula minangka srayanipun Bp............................. kekalih, kapurwakan ngaturaken salam taklim kanti atur Assalamualaikum Wr  Wb,  mugi kahaturaken dhumateng  ingkang hamengku gati. Ing saklajengipun sowan kula ing mriki dipun sinaraya supados hamasrahaken paningset ingkang arupi kalpika  lan ubarampe sanesipun, saha taksih kathah ingkang badhe kula aturaken, hananging mboten saget kula sebataken setunggal mbaka setunggal, awit sedayanipun sampun cekap paningset ingkang arupi kalpika saha ubarampe sanesipun kula pasrahaken dhumateng panjenengan, lan kula sakpangambyong namung ndherek memuji mugi lampahipun pahargyan tansah manggih wilujeng ing sedayanipun.
Hambok bilih pahargyan sampun paripurna, kula sakpangambyong nyuwun pamit saha nyuwun donga pangestu, ing mangke wangsul kula tansah manggih wilujeng sedayanipun.
Makaten menggah ingkang saget kula aturaken ing ngarsa panjenengan, mboten katalumpen wonten lepat hanggen kula sowan sakpangambyong, punapa dene kula ingkang minangka talanging basa, wonten kirang saha langkungipun  atur, kula tansah nyuwun agunging pangapunten.
Cekap semanten, matur nuwun.
Wassalamualaikum Wr.  Wb

(Sanggar Tresno Budaya)



0 komentar: