NO WASTING TIME!

Jumat, 07 September 2018

TULADHA ATUR PANGLAMAR


Kula nuwun

Assalamu’alaikum WrWb

Kawilujengan karaharjan minggahipun katentreman mugi tamsah kajiwa kasarira dhumateng hanggo panjenengan sedaya lan kula

Mugi wonten keparengipun kula sumela matur sawetawis maligi dhumateng Bapa ______________ sekaliyan minangka tiyang sepuhipun Rara ______________________

Langkung rumiyin sumangga kula dhereaken manengku puja dhumateng Pangeran Ingkang Murbeng Dumadi, ingkang sampun paring kamirahanipun saha kanugrahan  dhumateng panjenengan sedaya lan kula, satemah kanti kanugrahan kala wau, kula sak sederek saget sowan wonten ngarsa panjenengan kanthi pinaringan wilujeng kalis ing rubeda sedayanipun.

Ing sak lajengipun sak derengipun kula nglajengaken matur, kula nderek pitepangan, kaliyan brayat panjenengan sakeluarga, bilih kula pinaringan nama Sutrisno, minangka sesulihipun saking tiyang sepuh Bagus _________________ ingkang gegriya ing _______________.

Wonten ing wekdal ingkang prayogi menika mugi wonten keparengipun kula badhe matur wonten ngarsa panjenengan sakluarga ingkang saperlu badhe nglahiraken ingkang dados raos pangraosing manah kula.

Wosing gati anggen kula sowan sak sederek menawi wonten keparengipun lan danganing penggalih gegandengan anak kula sampun nemtoaken ingkang dados pilihan lan jodhonipun nedya gesang bebrayan kaliyan putra panjenengan ingkang asesilih Rara __________________, kanthi awrat anggen kula matur mugi panyuwun kula lan panglamaripun anak kula punika dipun kabulaken, purba wasesa dhumateng panjenengan.

Wusananing anggen kula matur, kanthi kalodangan panjenengan sekluarga kula aturaken agunging panuwun.

Makaten ingkang saget kula aturaken, hambok bilih katah kekirangan saha klanta-klentuning atur kula nyuwun agunging pangapunten.

Nuwun. Matur Nuwun


Wassalamu’alaikum WrWb


(Dening Sanggar Tresna Budaya Surakarta / 085600699926)

0 komentar: