NO WASTING TIME!

Kamis, 25 Oktober 2018

ATUR PASRAH PENGANTEN SAHA UPAKARTI


HATUR PASRAH PENGANTEN SAHA UPAKARTI
Kula nuwun,

Assalamualaikum Wr. Wb.

Kawilujengan, kamulyan minggahipun katentreman, mugi tansah kajiwa saha kasarira dhumateng hangga panjenengan sedaya dalasan kula.
                                                                                                   
Para pinisepuh saha sesepuh ingkang satuhu kinabekten, sumrambahipun para tamu kakung saha putri ingkang satuhu luhuring budi, maliginipun dhumateng Bp.......................................... minangka srayanipun Bp........................................ sekaliyan.

Sakderengipun kula nglajengaken matur, sumangga langkung rumiyin kula dherekaken sesarengan ngunjukaken puji syukur wonten ngarsanipun Gusti ingkang Maha Kawasa, ingkang sampun paring kasarasan, kawilujengan saha katentreman dhumateng panjenengan sedaya dalasan kula, satemah ing titi wanci punika panjenengan sadaya lan kula taksih saget  makempal manunggal kanthi wilujeng ing sedayanipun.

Menggah wigatosing pisowan kula, kula minangka srayanipun    Bp................................ kekalih, ngaturaken salam taklim kanthi atur Assalamualaikum Wr Wb, mugi kahaturaken dhumateng ingkang hamengku gati. Sowan kula ing mriki kinen hamasrahaken penganten kakung Bg................... putra kakungipun Bp.................... kekalih, ingkang badhe kapanggihaken kaliyan Rr ........................... putra pawestrinipun Bp.......................... sekaliyan nut sataning adat ingkang sampun lumampah wonten ing wewengkon mriki.

Menggah sowanipun penganten kakung, saking keparengipun Bp.............................. kekalih, kinanthen ubarampe ingkang sinebat upakarti, minangka jangkeping palakrami, inggih punika ingkang awujut: majemukan jangkep, jeningan maligi  kagem penganten putri, saha arta utawi redana minangka buwuh pundutan sarem, saha taksih kathah ingkang badhe kula aturaken, hananging mboten saget kula sebataken setunggal mbaka setunggal. Awit sedayanipun sampun cekap, pramila penganten kakung sawetahipun kula pasrahaken dhumateng panjenengan, lan kula sapangambyong namung ndherek memuji mugi lampahipun pahargyan tansah manggih wilujeng kinalisaken saking sedaya rubeda.

Ing saklajengipun hambok bilih pahargyan ing mangke sampun paripurna, kula sakpangambyong nyuwun pamit, saha nyuwun donga pangestu mugi wangsul kula tansah manggih wilujeng ing sedayanipun.

Makaten menggah ingkang saget kula aturaken wonten ngarsa panjenengan, mboten kesupen wonten lepat hanggen kula sowan sakpangambyong, punapa dene kula ingkang minangka talanging basa, wonten kirang saha langkungipun  hanggen kula matur tansah nyuwun agunging pangapunten.

Cekap semanten, matur nuwun.


Wassalamualaikum Wr. Wb.


(Sanggar Tresno Budaya Surakarta / 085600699926)

0 komentar: