NO WASTING TIME!

Kamis, 25 Oktober 2018

NGRUMPAKA LAMPAHING PENGANTEN PUTRI



NGRUMPAKA LAMPAHING PENGANTEN PUTRI
Suruping sang arka mratandhani gumantining rahina gumantos ratri, kang kapyarsa lamat-lamat muhung Ketawang Puspawarna kaya-kaya lagya asung pambagya maring penganten putri, anjurung puji hastuti mugi-mugi hanggenya badhe lelumban ing samodraning bebrayan tansah kinalisaken godha rencana lan manggih gesang kaleresan.

Kawuryan ana teja hangenguwung mancur mancurat cahyaning, lah punika muhung prabane sang anyar katon nenggih sang penganten putri, purnaning hangadi busana hangedi sarira hamulas wadana tumunten harsa manjing ing bale winangun kakanthi dening para kulawarga ingkang sampun piniji.

Pantesing busana hangemba-embaning busananing prameswari nata, lamunta kacandra saking mandrawa, abyor mompyor pating calorot pating gelebyar kaya kilat hasesiring, katon hamucang kanginan denira lumaksana penganten putri, meloking wadana katon sumunu kadi dene cahyane kencana ingkang binabar.

Sunaring netra kadi damar kanginan, lumering sarira sinembah endahing busana akarya cingaking para ingkang samya humiyat, prapta ing samadyaning bale winangun dadya kagyat kang tumingal marang sekaring pahargyan, hanguningani lumebering para tamu kakung putri engkang sami hangrawuhi, kawistara wus kebak hangebaki jroning sasana pahargyan, satemah kaya andhoyong-ndhoyongna pancak sujining bale winangun.

Prapteng unggyan kang tinuju, marma tumanduk ing raos ingkang tumanem ing kalbu tan kawawa sinanggit kanthi wileding basa panyandra.

Tanggap ing sasmita pangembaning penganten putri hanenggih ibu .................................... saha ibu ................................... Arsa mratitisaken lenggahing sang penganten putri ing sasana kursi rinengga, hangentasi laksitaning tata cara ingkang wus sinanggit dening para kulawangsa, kawistara lenggah hanggana raras sang penganten putri ing sasana rinengga, ingapit patah sakembaran.


(Sanggat Tresno Budaya Surakarta / 085600699926)

0 komentar: