NO WASTING TIME!

Sabtu, 20 Oktober 2018

UPACARA SIRAMAN ADAT JAWA CALON PENGANTEN



UPACARA SIRAMAN ADAT JAWA CALON PENGANTEN

Upacara siraman tinarbuka kanthi sowanipun calon penganten putri, mijil saking sasana busana, manjing ing madyaning sasana upacara.

Kalajengaken tata cara pangabekten atur baktinipun putra calon penganten putri kakanthi dening rama ibu, tumuju dhumateng papan pasiraman, ingkang kawiwitan saking para pinisepuh lajeng dipun pungkasi dening keng ramanipun putra calon penganten putri. Wekasaning sedya tinengeran pamecahing Kendhisari.

Rapal mecah Kendhi: Ora pati-pati mecah kendhi, nanging mecah kendhisari, mecah pamore anakku jabang bayine Dyah ____________ kadya mas sinangling saking kersaning Alloh SWT.

Sabibaripun siraman, putra calon pengantin putri kabopong dening ingkang Rama tumuju dhumateng sasana busana, saperlu nindakaken upacara potong rikma. Sasampunipun rikma kapotong dening ingkang rama, tinampi dening ingkang ibu lajeng katanem wonten sangajenging griya.

Rapal Motong rikma: Ora ngguwang-guwang rambut, nanging angguwang sesukering anakku, kariya beja mulya, rahayu uripe.

Sasampunipun pagas rikma, kalajengaken tata cara sadean dawet. Keng rama saha ibunipun putra calong panganten putri tumuju dhateng sasana sadean dawet. Ingkang ibu anggendong senik wadhah arta. Wondene ingkang rama hamanyungi. Sadean dawet kawiwitan dening ingkang ibu, dene ingkang rama hanampi arta sinambi hamayungi. Pikantukipun arta kabuntel lajeng kaparingaken dhateng putra calon pengantin putri. Wondene pangandikanipun ibu dhumateng putranipun makaten:

Ibu:   Anakku ngger Dyah ____________ tampanan dhuwit, oleh-olehane dodol dhawet, muga-muga kena kanggo pawitane uripmu, lan iki jajan pasar maneka warna, minangka pralampita menawa ing bebrayan agung kuwi isine maneka warna, sing bisa anggonmu leladi ing bebrayan ya ngger.
Putra:  Inggih ibu, ngestoaken dhawuh.

Wondene minangka paripurnaning upacara siraman, inggih punika dhahar sekul tumpeng. Ingkang ramanipun putra calon pengantin putri motong tumpeng sajen siraman, kaparingaken dhateng keng ibunipun putra calon pengantin putri, lajeng dipun paring lawuh, tumunten kaparingaken dhumateng ingkang putra calon pengantin putri. Mekaten pangandikanipun ibu dhumateng putranipun:

Ibu:  Anakku ngger sing tak tresnani tampanana rejeki peparing Gusti lumantar rama lan ibu muga-muga sega salawuhe iki murakabi sarandhuning badan lan ndadekake seger bagas waras jiwa lan ragamu
Putra: Inggih Ibu.


(Sanggar Tresno Budaya Surakarta / 085600699926)

0 komentar: