NO WASTING TIME!

Jumat, 09 November 2018

ATUR PAMBAGYAHARJA PAHARGYAN PENGANTEN


HATUR PAMBAGYAHARJA PAHARGYAN PENGANTEN
ADAT JAWA

Kula nuwun.

Assalamualaikum Wr  wb.

Kawilujengan, kamulyan minggahipun katentreman, mugi tansah kajiwa saha kasarira dhumateng hangga panjenengan sedaya dalasan kula.

Para pinisepuh saha sesepuh ingkang satuhu kinabekten, sumrambahipun para tamu kakung saha putri ingkang tansah kinurmatan.

Nuhoni dhawuhipun Bp..................................... kekalih, keparenga kula matur ing ngarsa panjenengan sedaya. Sakderengipun kula nglajengaken matur, langkung rumiyin sumangga kula dherekaken sesarengan ngunjukaken puji syukur wonten ngarsanipun Gusti ingkang Maha Kawasa, ingkang sampun paring kasarasan, kawilujengan saha katentreman dhumateng panjenengan sedaya dalasan kula, satemah ing titi wanci punika, panjenengan sedaya lan kula saget makempal manunggal wonten ing wisma pahargyan kanthi manggih suka basuki.

(Wigatosing atur kula minangka sesulih saking Bp ............... kekalih kepareng matur wonten ngarsa panjenengan sedaya awit bombonging manah, ingkang hamengku gati sampun ngawuningani semanten kathahipun para tamu engkang kepareng lenggah ing sasana pahargyan, kanthi makaten Bp .................... kekalih mboten kuwawi matur piyambak, namung kandheg wonten ing jangga kewala.)

Para tamu kakung saha putri ingkang satuhu luhuring budi, kepareng kula hangambali hangaturaken pambagya wilujeng rawuh saha gunging panuwun ingkang tanpa pepindan, dhumateng sedaya ingkang sampun kepareng rawuh wonten ing wisma pahargyan punika, mugi keparenga lelenggahan kanthi suka mardikaning manah, ngantos dumugi paripurnaning pahargyan ing kalenggahan punika.

Ing saklajengipun kanthi renaning manah, keparenga kula ngaturaken wedaring gantha babaring sedya, wigatosing perlu, nadyan to sampun kanthi terwaca, lumantar serat sedahan, parandene dereng marem manawi dereng matur wonten ing ngarsanipun para tamu ingkang satuhu bagya mulya.

Ing saklajengipun Bp...................................... kekalih hanetepi darmaning asepuh kepareng mahargya putra pawestri ingkang asesilih Rr.......................................... ingkang sampun kalampahan kajatukrami kalian Bg ................................ admajanipun Bp............................................. sekaliyan, ingkang pidalem ing .................................................. Kel .........................................   Kec .............................. Wondene ijab qobul nikah miturut satataning agami tuwin pranataning pamarentah sampun kalampahan dinten ..................................... surya kaping ...................... wulan .............................. warsa.................... wanci jam................. wonten ing ...........................................   Saklajengipun kapanggihaken nut  sataning adat ingkang sampun lumampah wonten ing wewengkon mriki sampun kalampahan kanthi wilujeng,  awit saking donga-pamuji panjenengan sedaya, saha pinayungan rahmatipun Gusti ingkang Maha Kawasa, tansah kalis ing sambikala.

Ing saklajengipun panyuwuning saking Bp..................................  kekalih tansah wontena suka lilaning manah para tamu, langkung-langkung dhumateng para pinisepuh saha sesepuh kasuwun pamujinipun, mugi-mugi penganten kekalih pinaringan berkahing Gusti ingkang Maha Agung, lan dados keluarga sakinah, mawadah, warohmah, saget tresna trinesnanan, tansah atut runtut hanggenipun hanepaki manjing wonten gesang bebrayanipun, tundhonipun enggala pinaringan putra saha putri ingkang soleh saha sholikhah.

Para tamu kakung saha putri ingkang satuhu luhuring budi, mboten katalumpen  Bp .................................... kekalih ugi tansah ngaturaken agunging panuwun, dhumateng sanak kadang, para tangga tepalih, pamong mitra sedayanipun, ingkang sampun kanthi longgaring manah saha renaning  penggalih, ingkang sampun kepareng hambiyantu bot repotipun ingkang arupi tali asih, iguh pratikel, rerigen, banda bahu lan sanes-sanesipun, sedaya kalawau ingkang saget damel entheng sesangganipun engkang hamengku gati.
                                                                                   
Mboten wonten atur sanes kajawi namung ngaturaken agunging panuwun ingkang tanpa upami, lan awit saking kesaenan panjenengan kalawau, Bp............................................ kekalih nglenggana mboten saget caos piwales menapa-menapa, namung sedaya kalawau kahaturaken dhumateng ingkang Maha Kawasa, mugi-mugi pinaringan lelintu ingkang langkung kathah.

Minangka pungkasaning atur, hambok bilih Bp..................................... kekalih hanggenipun nampi rawuh panjenengan sedaya wonten kirangipun, mugi panjenengan sedaya paring pangapunten. Kula pribadi ingkang minangka talanging basa,  wonten kirang saha langkungipun hanggen kula matur, kula tansah nyuwun agunging pangapunten.
Cekap semanten, matur nuwun.
Wassalamualaikun Wr.  Wb.

Makaten pari-purna hatur pambagyaharja, ing salajengipun panyuwun saking ingkang hamengku gati, katur para tamu sedaya wonten keparengipun hanglajengaken lelenggahan kanthi mardika, saha midhangetaken atur sugata gending-gending saking para kadang wira pradangga.      Nuwun.

Para tamu kakung saha putri, kados-kados pahargyan ing kalenggahan wekdal  punika sampun ndungkap pari-purna, awit saking punika katur Bp................................... sekaliyan, mugi wonten keparengipun jengkaraken penganten sekaliyan, besan sekaliyan, saha ingkang hamengku gati sekaliyan, kadherekaken  tumuju dhumateng sangajenging wiwara pahargyan ing saperlu nampi atur pamit saha nguntabaken konduripun para tamu sedaya.

Kagalih sampun siyaga ing sedayanipun, dhumateng ingkang tinanggenah mratitisaken wekdal salajengipun kasumanggakaken.  Nuwun.

Konduripun para tamu sedaya, kula dherekaken kanthi manggih wilujeng ing sedayanipun.

(Gending ayak-ayakan Slm – Ldr Tedhak Saking Pl.6 – Ldr Gleyong Pbr.)

Kula minangka ingkang kajibah pambiwara, hambokbilih wonten kirang langkungipun anggen kula matur, kula nyuwun gunging pangaksama.


Wassalamualaikum  Wr.  Wb.

(Sanggar Tresno Budaya Surakarta / 085600699926 )

0 komentar: