NO WASTING TIME!

Jumat, 02 November 2018

ATUR PANAMPI PASRAH PENGANTEN SAHA UPAKARTI



HATUR PANAMPI PASRAH PENGANTEN SAHA UPAKARTI

Kula nuwun
Assalamualaikum Wr. Wb.

Kawilujengan, kamulyan minggahipun katentreman, mugi tansah kajiwa saha kasarira dhumateng hangga panjenengan sedaya dalasan kula.

Para pinisepuh saha sesepuh ingkang satuhu kinabekten, sumrambahipun para tamu kakung saha putri ingkang satuhu luhuring budi, maliginipun Bp........................................ minangka srayanipun Bp........................................... sekaliyan.

Langkung rumiyin sumangga kula dherekaken sesarengan, ngunjukaken puji syukur wonten ngarsanipun Gusti ingkang Maha Kawasa, ingkang sampun paring kasarasan,  kawilujengan saha katentreman dhumateng panjenengan sedaya dalasan kula, satemah ing titi wanci   punika, panjenengan sedaya lan kula saget makempal manunggal kanthi wilujeng ing sedayanipun.

Kula minangka sulihipun Bp.................................... kekalih ngaturaken pambagya wilujeng rawuh saha ngaturaken gunging panuwun awit rawuh panjenengan  sakpangambyong wonten  ing papan pahargyan wekdal punika. Wondene atur salam taklim  saking Bp..................................... sekaliyan lumantar panjenengan  kula tampi kanthi atur Wa’alaikum salam Wr Wb.
     
Menggah atur panjenengan hamasrahaken panganten kakung Bg.......................................... putra admajanipun Bp ..........................................saha  upakarti  kula tampi kanthi suka bingahing manah. Saklajengipun badhe kula aturaken dhumateng ingkang hamengku gati. Tumuli kalajengaken tatacara panggih nut satataning adat ingkang sampun lumampah wonten ing wewengkon mriki. Ing saklajengipun kula suwun panjenengan sapangambyong  kersa hangestreni miwah paring pandonga dhumateng penganten kekalih saha lampahipun pahargyan mugi tansah pinaringan berkah saking Gusti ingkang Maha Agung, saha kinalisaken saking sadaya rubeda.

Dhumateng Bp...................................  sapangambyong, hambok bilih pahargyan ing mangke sampun paripurna, kula namung ndherek ngaturaken wilujeng kundur mugi tansah manggih rahayu dumugi dalemipun piyambak-piyambak mboten wonten alangan setunggal punapa.

Makaten atur panampi kula, kula minangka sulihipun ingkang hamengku gati, hambokbilih wonten kirang saha langkungipun hanggen kula matur, kula tansah nyuwun agunging pangapunten.

Cekap semanten, matur nuwun


Wassalamualaikum Wr.  Wb.

(Sanggar Tresno Budaya Surakarta / 085600699926)

0 komentar: