NO WASTING TIME!

Jumat, 02 November 2018

ATUR PANAMPI PASRAH PENGANTEN



HATUR PANAMPI PASRAH PENGANTEN
Kula nuwun.
Assalamualaikum Wr  Wb.

Kawilujengan, kamulyan minggahipun katentreman, mugi tansah kajiwa saha kasarira dumateng hangga panjenengan sedaya dalasan kula.
Para pinisepuh saha sesepuh ingkang satuhu kinabekten, sumrambahipun para tamu kakung saha putri ingkang satuhu luhuring budi, maliginipun  Bp........................... minangka srayanipun Bp ....................................... sekaliyan.

Sakderengipun kula nglajengaken matur, langkung rumiyin sumangga kula dherekaken sesarengan ngunjukaken puji syukur wonten ngarsanipun Gusti ingkang Maha Kawasa, ingkang sampun paring kasarasan, kawilujengan saha katentreman dhumateng panjenengan sedaya dalasan kula, satemah ing titi wanci  punika, panjenengan lan kula taksih saget makempal manunggal kanthi wilujeng ing sedayanipun.

Kula minangka sulihipun Bp........................................ kekalih ngaturaken pambagya wilujeng rawuh, saha ngaturaken gunging panuwun awit saking rawuh panjenengan  sapangambyong  wonten ing papan pahargyan wekdal punika, wondene atur salam taklim saking  Bp ........................................ sekaliyan lumantar panjenengan kula tampi, kanthi atur Wa’alaikum salam Wr  Wb.

Menggah atur panjenengan hamasrahaken penganten kakung Bg..................................... admajanipun Bp ..................................... sekaliyan ugi kula tampi kanthi bingahing manah, tumuli badhe hanindakaken tatacara panggih nut satataning adat ingkang sampun lumampah wonten ing wewengkon mriki. Ing saklajengipun kula suwun panjenengan sakpangombyong kersa hangestreni miwah paring pandonga dhumateng penganten kekalih saha lampahipun pahargyan tansah pinaringan berkah saking Gusti ingkang Maha Agung,  saha  kinalisaken saking sedaya rubeda.

Ing saklajengipun katur Bp ..................................  sakpangambyong hambok bilih pahargyan sampun paripurna, kula namung ndherek ngaturaken wilujeng kondur, mugi  konduripun tansah manggih rahayu dumugi  dalemipun piyambak-piyambak, mboten wonten alangan setunggal punapa.

Makaten atur panampi kula, kula minangka sulihipun ingkang hamengku gati,  wonten kirang saha langkungipun hanggen kula matur, kula tansah nyuwun agunging pangapunten.

Cekap semanten, matur nuwun.


Wassalamualaikum  Wr  Wb.

(Sanggar Tresno Budaya Surakarta / 085600699926)

0 komentar: