NO WASTING TIME!

Rabu, 10 Juli 2019

PANAMPI PASRAH NGUNDUH MANTU (BOYONG PENGANTEN)


PANAMPI PASRAH
NGUNDUH MANTU (BOYONG PENGANTEN)

Kula nuwun.
Assalamualaikum Wr  Wb.
Kawilujengan, kamulyan minggahipun katentreman, mugi tansah kajiwa saha kasarira dhumateng hangga panjenengan sedaya dalasan kula.
Para pinisepuh saha sesepuh ingkang satuhu kinabekten, sumrambahipun para tamu kakung saha putri ingkang satuhu luhuring budi, maliginipun Bp....................................... ingkang minangka srayanipun Bp.......................................... sekaliyan. 
Langkung rumiyin sumangga kula dherekaken sesarengan, ngunjukaken puji syukur wonten ing ngarsanipun Gusti ingkang Maha Kawasa, ingkang sampun paring kasarasan, kawilujengan saha katentreman dhumateng panjenengan sedaya dalasan kula, satemah wonten ing titi wanci punika, panjenengan sedaya dalasan kula, taksih saget makempal manunggal wonten ing papan pahargyan kanthi wilujeng.
Kula minangka sulihipun Bp........................................ kekalih, ngaturaken pambagya wilujeng rawuh saha gunging panuwun awit rawuh panjenengan sakpangambyong  wonten ing papan pahargyan punika, wondene anggen panjenengan ngaturaken salam taklim saking Bp.......................................... sekaliyan, kula tampi kanthi atur Wa’alaikum salam Wr  Wb, tumuli badhe kula aturaken dhumateng ingkang hamengku gati.
Ing  saklajengipun hanggen panjenengan masrahaken penganten sarimbit, ugi kula tampi  kanthi bingahing manah, tumuli badhe hanindakaken tata cara pahargyan nut satataning adat ingkang sampun lumampah wonten ing wewengkon mriki. Ing salajengipun kula suwun panjenengan sapangombyong kersa hangestreni saha paring pandonga dhumateng penganten sarimbit lan mugi lampahipun pahargyan tansah manggih wilujeng, kinalisa saking sedaya  rubeda.
Katur Bp.................................... sakpangambyong, hambokbilih pahargyan samangke sampun paripurna, kula namung  ndherek ngaturaken wilujeng kondur, mugi ing mangke konduripun tansah manggih wilujeng, dumugi dalemipun piyambak-piyambak mboten wonten alangan setunggal punapa.
Makaten atur panampi kula, kula minangka sulihipun ingkang hamengku gati, sepisan malih wonten kirang saha langkungipun hanggen kula matur, kula tansah nyuwun agunging pangapunten.
Cekap semanten, matur nuwun
Wassalamualaikum Wr.  Wb.
(Sanggar Tresno Budaya Surakarta 085-6006-999-26)

0 komentar: