NO WASTING TIME!

Mendamba UN yang Jujur

OPINI | Dimuat di Jurnal Nasional pada Senin 18 April 2011

Sertifikasi Otomatis Cetak Guru Profesional?

Dimuat di Harian Solopos pada Selasa 4 Nopember 2008

Wajah Bopeng Pendidikan Kita

Refleksi Hardiknas

Kaji Ulang Ujian Nasional

Dimuat di Jurnal Nasional pada Sabtu 11 Mei 2013

Setelah RSBI dibubarkan

OPINI | Sutrisno, Guru SMPN 1 Wonogiri

Rabu, 29 Juli 2015

SEJATINING SEPUH


Dados sepuh punika prekawis ingkang sok boten gampil. Tuwa ateges ngenteni metune nyawa, malah wonten ingkang sampun pikun lan kathah kesupenipun. Pramila, sanadyan sampun sepuh/ adiyuswa, Kedah ngudi supados boten ngantos kekirangan pangertosan.

Tiyang sepuh ingkang kirang pangertosan, saget dhawah ing kawontenan ekstrim kalih, inggih punika: Ingkang sepisan Rumaos "wis tuwa gerang (segere arang2), wis loyo, lara2nen, wis ora bisa apa2, wis ora nduwe apa2 lan wis dudu apa2 maneh".

Tiyang sepuh ingkang mekaten rumaos sepi, sepa, lir sepah samun. Sepi tegesipun rumaos tanpa kanca tanpa kanthi, rumaos namung gesang piyambakan Sepa tegesipun gesang boten ngraosaken sakeca, dahar ngunjuk boten kraos eca, lenggah, tindak, sare, inggih boten kraos sakeca.

Sepah, rumaos kados sampah tanpa ginanipun ing bebrayan. Samun, rumaos tanpa aji, kabucal saking bebrayan. Tiyang makaten punika lajeng nuwuhaken semplah ing manah. Minggahipun frustrasi wusana lajeng depresi.Tiyang makaten punika sagetipun namung sambat, boten saget ngaturaken syukur dhateng kanugrahaning Gusti.

Ingkang kaping kalih, Tiyang sepuh ingkang ing pakempalan tumindakipun gonyak ganyuk ngisin-isini. Gonyak ganyuk tegesipun pangandika lan tumindakipun boten trep kaliyan kasepuhanipun. Amargi rumaos "bisa" lajeng kekathahen pangandika, mituruti pamanggihipun pribadi. Boten purun dipun anggep klentu amargi mbujeng pangalembana.Tiyang sepuh ngaten punika winastan gerah post power syndrome, amargi kecalan panguwaos.

KADOSPUNDI DADOS TIYANG SEPUH INGKANG SAESTU? 
Gambaran sejatining sepuh inggih punika: Waspada ing semu, tegesipun mangertosi kersanipun tiyang sanes nadyan boten kawedaraken. Sinamun sinamudana, tegesipun sinaosa pinter nanging kasimpen ing salebeting manah. Kapinteran lan kaprigelanipun boten dipun umukaken. 
Dene menawi dipun suwuni wawasan, anggenipun paring dhawuh kanthi cara ingkang ngremenaken, boten ngremehaken. 

KADOSPUNDI CARANIPUN DADOS SEJATINING SEPUH? 
  1. Kedah kawiwitan kanthi mulat sarira (mawas dhiri) mangertosi kekiranganipun diri. 
  2. Amargi taksih kaparingan gesang dening Gusti, ateges taksih kedah makarya. Wujuding pakaryan saget punapa kemawon, langkung prayogi bilih nindakaken hobby sae. Kadosta: ulah tetanen, nganggit lagu, geguritan, paguyuban karawitan, masak,dugeni yen onten REUNI,jagong yen konco duwe gawe lsp. 
  3. Kangge nyengkuyung mindhaking pangertosan, sae menawi tansah sinau. Sinau punika saget kanthi maos buku2, ugi srawung! kalian kanca. Sinau punika maedahi kangge nyegah tiyang dados pikun, awit nalar tansah dipun asah. Semangat sinau ugi dados tulada tumrap putra wayah. Sing tuwa wae ora kendhat sinau, sing enom kudune luwih tumemen anggone sinau.


Wasana Lepet kupat opore santen, menawi lepat nyuwun gunging pangapunten.

Waosan: SERAT WEDHATAMA anggitanipun KGPAA Mangkunegara IV.