NO WASTING TIME!

Mendamba UN yang Jujur

OPINI | Dimuat di Jurnal Nasional pada Senin 18 April 2011

Sertifikasi Otomatis Cetak Guru Profesional?

Dimuat di Harian Solopos pada Selasa 4 Nopember 2008

Wajah Bopeng Pendidikan Kita

Refleksi Hardiknas

Kaji Ulang Ujian Nasional

Dimuat di Jurnal Nasional pada Sabtu 11 Mei 2013

Setelah RSBI dibubarkan

OPINI | Sutrisno, Guru SMPN 1 Wonogiri

Kamis, 11 Juli 2019

TULADHA PANDONGA PAHARGYAN PENGANTEN ADAT JAWA

TULADHA PANDONGA
PAHARGYAN PENGANTEN ADAT JAWA




Yaa Allah, ya Rohman 
Mugi Paduka ndadosaken pernikahan punika pernikahan ingkah kebak barokah 
Dados pambukaning rahmat kagem penganten kekalih, 
saha tiyang sepuhipun, keluarga lan sedaya ummat 
Pernikahan ingkang saged nyampurnakaken iman saha Islamipun 
Pernikahan ingkang saget ndadosaken peganten kekalih tansah sabar lan syukur 
Pernikahan ingkang saged ndadosaken penganten kekalih langkung dewasa 
Saged ndadosaken margi kagem penganten kekalih pinaringan welas asih saking Paduka 

Ya Allah, ya Ghoffar 

Mugi Paduka paring pangapunten dhumateng penganten kekalih, awit sedaya kalepatan saha kekhilafanipun...... 
Saha kalepatan dhumateng tiyang sepuhipun, miwah kalepatan sanes-sanesipun 
Mugi keparenga Paduka paring dhumateng penganten kekalih qalbu ingkang suci lan niat ingkang jejeg 
Mugi keparenga Paduka paring dhumateng penganten kekalih tekad ingkang kiat 
Mugi penganten kekalih Paduka tedahaken margi ingkang dipun Ridhai 
Mugi keparenga penganten kekalih Paduka reksa saking panggodaning Syetan supados saged nglampahi gesang bebrayan ingkang sae 

Ya Allah ya Ahad 

Mugi kepareng Paduka paring dhumateng penganten kekalih manah ingkang manunggal 
Kados dene Paduka manunggalaken Adam lan Hawa 
Kados dene Paduka ndadosaken welas lan asih antawisipun Rasulullah lan Khadijatul Kubra 
Kados dene Paduka ndadosaken welas lan asih ingkang tulus antawisipun Ali bin Abi Thalib lan Fatimatus Zahra 

Ya Allah ya Wadud 
Mugi kepareng Paduka paring dhumateng penganten kekalih Tresna trinesnanan rikala caket 
Ingkang tansah njagi satunggal lan satunggalipun rikala tebih 
Ingkang tansah sami caos panglipur rikala susah 
Ingkang sami caos pepenget supados tansah taat 
Ingkang tansah sami caos pandonga kagem kesaenan 
Ingkang tansah sami nyampurnakaken ibadahipun


Robbanaa hablana min azwaajina … dst 
Allohumma aarinal haqqo haqqo… dst 
Robbana aatina fi dunya hasanah… dst
Robbana taqobbal minna innaka anta samiul aliim. Watub alaina innaka anta tawaaburrohiim
Wa shollallohu ala sayyidina … dst

Wassalamu alaikum warahmatullahi wa barokatuh

(Sanggar Tresno Budaya Surakarta - 085-6006-999-26)

Rabu, 10 Juli 2019

PAMBAGYAHARJA NGUNDUH MANTU (BOYONG PENGANTEN)


HATUR PAMBAGYAHARJA

PAHARGYAN NGUNDUH MANTU (BOYONG PENGANTEN)

Kula nuwun
Assalamualaikum  Wr  Wb.
Kawilujengan, kamulyan minggahipun katentreman, mugi tansah kajiwa saha kasarira dhumateng hangga panjenengan sedaya dalasan kula.
Para pinisepuh saha sesepuh ingkang satuhu kinabekten, sumrambahipun dhumateng para tamu kakung saha putri ingkang winantu ing pakurmatan.
Nuhoni dhawuhipun Bp ..................................... kekalih, keparenga kula matur ing ngarsa panjenengan sedaya, namung sak derengipun kula nglajengaken matur, langkung rumiyin sumangga kula dherekaken sesarengan ngunjukaken puji syukur wonten ngarsanipun Gusti ingkang Maha Kawasa, ingkang sampun paring kasarasan, kawilujengan saha katentreman dhumateng panjenengan sedaya dalasan kula, satemah ngantos ing titi wanci punika panjenenga lan kula taksih saget makempal manunggal wonten ing wisma pahargyan kanthi manggih suka basuki.
(Wigatosing atur kula minangka sesulih saking Bp ............... kekalih kepareng matur wonten ngarsa panjenengan sedaya awit bombonging manah, ingkang hamengku gati sampun ngawuningani semanten kathahipun para tamu engkang kepareng lenggah ing sasana pahargyan, kanthi makaten Bp ....................kekalih mboten kuwawi matur piyambak, namung kandheg wonten ing jangga kewala.)
Para tamu kakung saha putri ingkang winantu bagya mulya, minangka babaring atur, kepareng kula ngambali ngaturaken pambagya wilujeng rawuh saha gunging panuwun ingkang tanpa pepindan, awit saking rawuh panjenengan sedaya. Maliginipun dhumateng besan sekaliyan jangkep sakpendherek ingkang kula tresnani, mugi panjenengan sedaya keparenga lelenggahan kanthi suka mardikaning manah, nganthos dumugi pari-purnaning pahargyan [pawiwahan] ing kalenggahan punika.
Para tamu kakung saha putri ingkang winengku ing karahayon, panyuwunipun saking Bp................................ kekalih, mugi wonten keparengipun para tamu kakung saha putri  paring pandonga dhumateng putra penganten sekaliyan, mugi ing mangkenipun putra ingkang nembe kaboyong punika, sageta ngabekti dhumateng Gusti Allah SWT miwah mituhu dhumateng tiyang sepuhipun kekalih, lan mboten kesupen sageta labuh labet dhumateng bebrayan agung ing masyarakat.
Atur saklajengipun Bp ..................................... kekalih ugi ngaturaken panuwun ingkang tanpa upami dhumateng sanak kadang, mitra pitepangan sedaya ingkang sampun kepareng hanyengkuyung saha paring tali asih menapa dene pambiyantu ingkang arupi punapa kemawon, awit peparing panjenengan kalawau saget ndamel enthenging sesanggan  ingkang hamengku gati, sepisan malih hangaturaken agunging panuwun.
Awit saking panyengkuyung panjenengan sedaya, ingkang hamengku gati mboten saget caos piwales menapa-menapa, namung sedaya kalawau kahaturaken wonten ngarsanipun ingkang Maha Kawasa, mugi-mugi kanthi kesaenan panjenengan pinaringan lelintu ingkang samurwat saha saget dados amal ingkang sae maliginipun  dhumateng pribadi panjenengan piyambak-piyambak.
Hambokbilih hanggenipun nampi rawuh panjenengan sedaya saha hanggenipun caos papan palenggahan saha sanes-sanesipun, kirang mrananani saha kirang trep kaliyan kalenggahan panjenengan sedaya,  Bp.......................................... kekalih nyuwun agunging pangapunten.
Ndungkap atur saklajengipun, panyuwunipun Bp ....................................... kekalih, dhumateng para tamu kakung saha putri ingkang sampun kepareng lenggah wonten ing sasana pahargyan boyong penganten punika, kasuwun hanglajengaken lelenggahan ngantos paripurnaning pahargyan.
Makaten menggah atur kula, kula minangka sulihipun ingkang hamengku gati, wonten kirang saha langkungipun hanggen kula matur, kula nyuwun agunging  pangapunten.
Cekap semanten, matur nuwun.

Wassalamualaikum  Wr.  Wb.

(Sanggar Tresno Budaya Surakarta - 085-6006-999-26)

PANAMPI PASRAH NGUNDUH MANTU (BOYONG PENGANTEN)


PANAMPI PASRAH
NGUNDUH MANTU (BOYONG PENGANTEN)

Kula nuwun.
Assalamualaikum Wr  Wb.
Kawilujengan, kamulyan minggahipun katentreman, mugi tansah kajiwa saha kasarira dhumateng hangga panjenengan sedaya dalasan kula.
Para pinisepuh saha sesepuh ingkang satuhu kinabekten, sumrambahipun para tamu kakung saha putri ingkang satuhu luhuring budi, maliginipun Bp....................................... ingkang minangka srayanipun Bp.......................................... sekaliyan. 
Langkung rumiyin sumangga kula dherekaken sesarengan, ngunjukaken puji syukur wonten ing ngarsanipun Gusti ingkang Maha Kawasa, ingkang sampun paring kasarasan, kawilujengan saha katentreman dhumateng panjenengan sedaya dalasan kula, satemah wonten ing titi wanci punika, panjenengan sedaya dalasan kula, taksih saget makempal manunggal wonten ing papan pahargyan kanthi wilujeng.
Kula minangka sulihipun Bp........................................ kekalih, ngaturaken pambagya wilujeng rawuh saha gunging panuwun awit rawuh panjenengan sakpangambyong  wonten ing papan pahargyan punika, wondene anggen panjenengan ngaturaken salam taklim saking Bp.......................................... sekaliyan, kula tampi kanthi atur Wa’alaikum salam Wr  Wb, tumuli badhe kula aturaken dhumateng ingkang hamengku gati.
Ing  saklajengipun hanggen panjenengan masrahaken penganten sarimbit, ugi kula tampi  kanthi bingahing manah, tumuli badhe hanindakaken tata cara pahargyan nut satataning adat ingkang sampun lumampah wonten ing wewengkon mriki. Ing salajengipun kula suwun panjenengan sapangombyong kersa hangestreni saha paring pandonga dhumateng penganten sarimbit lan mugi lampahipun pahargyan tansah manggih wilujeng, kinalisa saking sedaya  rubeda.
Katur Bp.................................... sakpangambyong, hambokbilih pahargyan samangke sampun paripurna, kula namung  ndherek ngaturaken wilujeng kondur, mugi ing mangke konduripun tansah manggih wilujeng, dumugi dalemipun piyambak-piyambak mboten wonten alangan setunggal punapa.
Makaten atur panampi kula, kula minangka sulihipun ingkang hamengku gati, sepisan malih wonten kirang saha langkungipun hanggen kula matur, kula tansah nyuwun agunging pangapunten.
Cekap semanten, matur nuwun
Wassalamualaikum Wr.  Wb.
(Sanggar Tresno Budaya Surakarta 085-6006-999-26)

HATUR PASRAH PENGANTEN (NGUNDUH MANTU)


HATUR PASRAH
PAHARGYAN NGUNDUH MANTU (BOYONG PENGANTEN)

Kula nuwun
Assalamualaikum Wr  Wb.
Kawilujengan, kamulyan minggahipun katentreman, mugi tansah kajiwa kasarira dhumateng hangga panjenengan sedaya dalasan kula.
Para pinisepuh saha sesepuh ingkang satuhu kinabekten, sumrambahipun para tamu kakung saha putri  ingkang satuhu luhuring budi, maliginipun Bp......................................... ingkang minangka srayanipun Bp.......................................... sekaliyan.
Sak derengipun kula nglajengaken matur, langkung rumiyin sumangga kula dherekaken sesarengan ngunjukaken puji syukur wonten ngarsanipun Gusti ingkang Maha Kawasa, ingkang sampun paring kasarasan, kawilujengan saha katentreman dhumateng panjenengan sedaya dalasan kula, satemah ing titi wanci  punika, panjenengan sedaya dalasan kula taksih saged makempal manunggal wonten ing papan pahargyan kanthi wilujeng.
Menggah wigatosing pisowan kula, kula minangka srayanipun  Bp................................ kekalih,  ngaturaken salam taklim kanthi atur Assalamualaikum Wr wb,   mugi  kahaturaken dhumateng  ingkang hamengku gati, hatur salajengipun sowan kula dipun sinaraya supados hamasrahaken penganten sarimbit Bg.................................. admajanipun Bp....................................... sekaliyan, ingkang sampun hanjatu krami kaliyan Rara.................................... putra pawestrinipun Bp......................................sekaliyan.
Awit  sedayanipun sampun cekap, pramila penganten sarimbit kula pasrahaken dhumateng panjenengan, mugi ing mangke penganten kekalih kagulawenthah kados dene putranipun piyambak. Ing saklajengipun kula sakpangambyong namung ndherek memuji, mugi lampahipun pahargyan tansah  manggih wilujeng kalis ing sedaya rubeda.
Hambok bilih pahargyan samangke sampun paripurna, kula sakpangambyong  nyuwun pamit saha nyuwun donga pangestu ing mangke wangsul kula tansah manggih wilujeng ing sedayanipun.
Makaten menggah ingkang saget kula aturaken wonten ngarsa panjenengan, mboten kesupen wonten lepat anggen kula sowan sakpangambyong, punapa dene kula ingkang minangka talanging basa, wonten kirang saha langkungipun kula tansah nyuwun agunging pangapunten.
 Cekap semanten, Matur nuwun
 Wassalamualaikum Wr  Wb.
(Sanggar Tresno Budaya Surakarta 085-6006-999-26)

PAMBIWARA PAHARGYAN NGUNDUH MANTU


PAMBIWARA PAHARGYAN BOYONG PENGANTEN
(NGUNDUH MANTU) ADAT JAWA

Kula nuwun
Assalamualaikum  Wr.  Wb.
Para pinisepuh saha sesepuh ingkang satuhu kinabekten, sumrambah para tamu kakung saha putri ingkang kinurmatan.
Purwakaning atur, langkung rumiyin sumangga kula dherekaken sesarengan ngunjukaken puji syukur dhumateng Gusti ingkang Maha Kawasa ingkang taksih kepareng paring  kamirahan dhumateng panjenengan sedaya dalasan kula.
Nun inggih, kanthi peparing kanugrahan saking pangeran ingkang Maha Kawasa kalawau, wonten pahargyan ing titiwanci punika mugi kalisa ing rubeda sedayanipun, aamiin.
Ing sak lajengipun, kula minangka pambiwara wonten ing pahargyan punika badhe ngaturaken urut reroncening tatacara ingkang badhe lumampah:
-          Ingkang sepisan, rawuhipun penganten sarimbit saha pangombyong;
-          Kalajengaken lampahing tatacara pasrah panampi penganten sarimbit;
-    Paripurna pasrah panampi, kalajengaken lampahing tatacara adat: gepyokan, ngunjuk toya wening, kinalungan sekar rinonce kalajengaken  singkeban sindur;
-   Paripurna lampahing tatacara adat, kalajengaken penganten sarimbit kaboyong saha    kadherekaken lenggah ing sasana palenggahan,
-          Saksampunipun penganten lenggah, kalajengaken waosan pandonga,
-          Paripurna waosan pandonga, kalajengaken tata upacara pangabekten.
-          Paripurna pangabekten, kalajengaken hatur sugata utawi lelangen budaya sawatawis,
-  Ing saklajengipun, lelangen budaya kasigeg, kalajengaken lampahing tatacara hatur pambagyaharja,
-          Saksampunipun hatur pambagyaharja, kalajengaken peparing sabda tama,
-          Paripurna peparing sabda tama pratanda paripurnaning pahargyan ing kalenggahan punika.
Mekaten para tamu kakung saha putri, sampun kula haturaken menggah urut reroncening tata cara pahargyan ing wanci punika.
Ing saklajengipun katur para tamu kasuwun hanyekecakaken lenggah sinambi midhangetaken ungeling gendhing-gendhing ingkang kapiyarsa. Nuwun, matur nuwun.
------------- Rawuhipun pemanten sarimbit ..................
Para tamu kakung saha putri ingkang kinurmatan, kados-kados sampun wonten tengara menggah rawuhipun penganten sarimbit.
Awit saking punika, katur Bp ............................ ingkang kapiji nampi pasrah, kasuwun siyaga ing gati, makaten ugi dhumateng Bp.................................... saha Bp ................................... ingkang minangka panyumbul. Katur para asma ingkang sampun sinebat, kasuwun jumeneng wonten ing sasana pangandikan.
-Rawuhipun penganten sarimbit, sinubagya ungeling Ladrang Wilujeng Pbr.
Saget ngrumpaka (menawi wekdalipun nyekapi)
“Kawuryan temanten sarimbit sampun jengkar saking panti busana binayangkare kadang ingkang sampun piniji, temanten sarimbit hanggenya lumaksana wonten ing samadyaning pahargyan katon atut runtut gegandhengan asta tan bisa ginggang sakrikma pinara sapta. Tindakipun temanten sarimbit menawi pun pirsani nyengsemaken ingkang samya mirsani.
Saya caket tindakipun penganten sarimbit sampun prapteng unggyan ingkang tinuju. 
( Kalajengaken pasrah panampi )
            Katur Bp .................................. ingkang minangka pangarsaning lampah, sasana pasrah sawetahipun kasumanggakaken. Nuwun

(HATUR PASRAH)

Makaten sampun paripurna menggah atur pasrah, ing saklajengipun katur Bp..................................... wekdal panampi atur pasrah sakwetahipun kahaturaken. Nuwun

(HATUR PANAMPI PASRAH)

Makaten sampun paripurna menggah atur pasrah saha panampi. Ing saklajengipun badhe kalajengaken tatacara adat jawi ingkang winastan gepyokan, saha kalajengaken ngunjuk toya wening lan mengagem sangsang sekar mlathi rinonce
Ingkang ngasta unjukan tirta wening Ibu .................. Ing saklajengipun Ibu ....................... (penganten kakung) ngunjukaken tirta wening.
Saksampunipun paripurna lampahing tatacara adat jawi, kalajengaken putra penganten sarimbit sinengkeban sindur dening keng ibu, saha ing mangke tindakipun pinanganten sarimbit, ing ngarsa sung tuladha Bp............................ inggih keng ramanipun penganten kakung.
(Tindakipun penganten sinubagya ungeling Ketawang Boyong Basuki Pbr.)                       
(Saget karumpaka, hambokbilih wekdalipun hanyekapi )
Para tamu kakung saha putri ingkang kinormatan, sampun prapteng ungyan kang tinuju, ing saklajengipun badhe kalajengaken waosan pandonga, ewadene ingkang minangka mangarsani waosan pandonga Bp..........................................
Hambokbilih sampun samepta ing karya, wekdal pandonga sakcekaipun kula haturaken.  matur nuwun.
(Hambokbilih kawontenaken waosan ayat suci AL QUR’AN, saget dipun rumiyinaken/sak derengipun waosan pandonga).
----------------------------------------------------------------------------------------------------
Makaten sampun paripurna menggah waosan pandonga, kalajengaken tatacara adat ingkang winastan pangabekten.
Katur  ibu .................................... kasuwun mratitisaken lampahipun pangabekten, saha katur Bp ................................ kasuwun hanglolos ageman duwung penganten kakung.
Kagalih sampun siyaga sedayanipun, dhumateng ingkang tinanggenah sasana saha wekdal kula sumanggakaken, nuwun. Amrih rahayuning lampah widadaning sedya, lampahing pangabekten kairing ungeling Ladrang Santimulya / Mugirahayu.
Makaten sampun paripurna pangabekten, ing saklajengipun tumapak  hatur pambagyaharja.
Hatur pambagyaharja badhe kasarira dening Bp .................................. minangka sulihipun Bp ................... kekalih. Jumenengipun Bp .......................... kasumbul Bp ................................... saha Bp.............................. Katur Bp ....................................... sekaliyan kasuwun njumenengaken putra penganten  sarimbit, ingkang jinajaran rama ibu saha besan sekaliyan.
Hambokbilih sampun siyaga sedayanipun, sasana saha wekdal sakcekapipun kula sumanggakaken. Matur  nuwun.
(HATUR PAMBAGYAHARJA)
Makaten sampun pari purna menggah hatur pambagyaharja, ing saklajengipun katur para tamu kakung putri sedaya kasuwun hanyekecakaken lenggah, sinambi midhangetaken lelangen gendhing-gendhing ingkang badhe kahaturaken saking wirapradangga. Matur nuwun.
(HATUR SABDA TAMA) menawi wonten
Para tamu kakung saha putri ingkang kinurmatan, kados-kados pahargyan prasaja ing kalenggahan punika dungkap paripurna.
            Awit saking punika, katur Bp ............................... sekaliyan mugi keparenga nderekaken jengkaripun penganten sarimbit, rama ibu saha besan sekaliyan, tumuju sak ngajengipun kori pawiwahan sakperlu nampi atur pamitipun para tamu sedaya.
Hambokbilih sampun siyaga sedayanipun, sumangga wekdal sawetahipun kula sumanggakaken.
          Minangka pratandha paripurna pahargyan, hambokbilih sampun kapireng ungeling Ayak-Ayakan Slendromanyura, saha kalajengaken Ladrang Tedak Saking Pbr, kalajengaken Ladrang Gleyong Pl 6.
[ Nengga bidhaling tamu jengkar, sinambi matur ]
Para tamu kakung saha putri, makaten sampun paripurna pahargyan prasaja ing kalenggahan punika, mboten kesupen kula ingkang minangka pambiwara ing kalenggahan wekdal punika, hambokbilih manggih kalepatan ingkang arupi menapa kemawon, kula tansah hanyenyadhong lumunturing pangapunten.
Saha konduripun para tamu sedaya kula derekaken kanthi asesanti jaya-jaya wijayanti rahayuwa ingkang sami pinanggih.
Nuwun, matur nuwun.
Wassalamualaikum  Wr.  Wb.

(Sanggar Tresno Budaya Surakarta / 085-6006-999-26)