(Sanggar Tresno Budaya Surakarta / 085600699926)
Mendamba UN yang Jujur
OPINI | Dimuat di Jurnal Nasional pada Senin 18 April 2011
Sertifikasi Otomatis Cetak Guru Profesional?
Dimuat di Harian Solopos pada Selasa 4 Nopember 2008
Wajah Bopeng Pendidikan Kita
Refleksi Hardiknas
Kaji Ulang Ujian Nasional
Dimuat di Jurnal Nasional pada Sabtu 11 Mei 2013
Setelah RSBI dibubarkan
OPINI | Sutrisno, Guru SMPN 1 Wonogiri
Kamis, 25 Oktober 2018
ATUR PASRAH PENGANTEN SAHA UPAKARTI
HATUR PASRAH
PENGANTEN SAHA UPAKARTI
Kula nuwun,
Assalamualaikum
Wr. Wb.
Kawilujengan, kamulyan minggahipun
katentreman, mugi tansah kajiwa saha kasarira
dhumateng hangga panjenengan sedaya dalasan kula.
Para pinisepuh saha sesepuh ingkang satuhu
kinabekten, sumrambahipun para tamu kakung saha putri ingkang satuhu luhuring
budi, maliginipun dhumateng Bp..........................................
minangka srayanipun Bp........................................ sekaliyan.
Sakderengipun
kula nglajengaken matur, sumangga langkung rumiyin kula dherekaken sesarengan
ngunjukaken puji syukur wonten ngarsanipun Gusti ingkang Maha Kawasa, ingkang
sampun paring kasarasan, kawilujengan saha katentreman dhumateng panjenengan
sedaya dalasan kula, satemah ing titi wanci punika panjenengan
sadaya lan kula taksih saget makempal
manunggal kanthi wilujeng ing sedayanipun.
Menggah
wigatosing pisowan kula, kula minangka srayanipun Bp................................ kekalih,
ngaturaken salam taklim kanthi atur Assalamualaikum
Wr Wb, mugi kahaturaken dhumateng ingkang hamengku
gati. Sowan kula ing mriki kinen hamasrahaken penganten kakung
Bg................... putra kakungipun Bp.................... kekalih,
ingkang badhe kapanggihaken kaliyan Rr ...........................
putra pawestrinipun Bp.......................... sekaliyan nut
sataning adat ingkang sampun lumampah wonten ing wewengkon mriki.
Menggah
sowanipun penganten kakung, saking keparengipun
Bp.............................. kekalih, kinanthen ubarampe ingkang sinebat upakarti,
minangka jangkeping palakrami, inggih punika ingkang awujut: majemukan jangkep, jeningan maligi kagem penganten putri, saha arta utawi redana minangka buwuh pundutan sarem, saha
taksih kathah ingkang badhe kula aturaken, hananging mboten saget kula
sebataken setunggal mbaka setunggal. Awit sedayanipun sampun cekap, pramila penganten
kakung sawetahipun kula pasrahaken dhumateng panjenengan, lan kula
sapangambyong namung ndherek memuji mugi lampahipun pahargyan tansah manggih
wilujeng kinalisaken saking sedaya rubeda.
Ing saklajengipun
hambok bilih pahargyan ing mangke sampun paripurna, kula sakpangambyong
nyuwun pamit, saha nyuwun donga pangestu mugi wangsul
kula tansah manggih wilujeng ing sedayanipun.
Makaten menggah
ingkang saget kula aturaken wonten ngarsa panjenengan, mboten kesupen wonten
lepat hanggen kula sowan sakpangambyong,
punapa dene kula ingkang minangka talanging basa, wonten kirang saha
langkungipun hanggen kula matur tansah
nyuwun agunging pangapunten.
Cekap semanten,
matur nuwun.
Wassalamualaikum
Wr. Wb.
(Sanggar Tresno Budaya Surakarta / 085600699926)
(Sanggar Tresno Budaya Surakarta / 085600699926)
ATUR PASRAH PENGANTEN
HATUR PASRAH PENGANTEN
ADAT JAWA
Kula nuwun,
Assalamualaikum Wr. Wb.
Kawilujengan,
kamulyan minggahipun katentreman, mugi tansah kajiwa saha kasarira
dhumateng hangga panjenengan sedaya dalasan kula.
Para pinisepuh saha sesepuh ingkang satuhu
kinabekten, sumrambahipun para tamu kakung saha putri ingkang winengku ing
karahayon, maliginipun Bp................................ minangka srayanipun
Bp .......................................... sekaliyan.
Sakderengipun
kula nglajengaken matur, langkung rumiyin sumangga kula dherekaken
sesarengan ngunjukaken puji syukur wonten ngarsanipun Gusti ingkang Maha
Kawasa, ingkang sampun paring kasarasan, kawilujengan saha katentreman
dhumateng panjenengan sedaya dalasan kula, satemah wonten ing titi wanci punika panjenengan lan kula taksih
saget makempal manunggal wonten ing wisma pahargyan kanthi manggih wilujeng.
Menggah
wigatosing pisowan kula, kula minangka srayanipun Bp...............................
kekalih, ngaturaken salam taklim kanthi atur Assalamualaikum Wr Wb, mugi kahaturaken
dhumateng ingkang hamengku gati. Saklajengipun
sowan kula ing mriki, sinaraya supados hamasrahaken penganten kakung
Bg................................. putra kakungipun
Bp................................. kekalih ingkang badhe
kapanggihaken kaliyan Rr
................................ putra pawestrinipun Bp
...................................... sekaliyan, nut
satataning adat ingkang sampun lumampah wonten ing wewengkon mriki. Awit sedayanipun sampun cekap, pramila
penganten kakung sawetahipun kula pasrahaken dhumateng panjenengan, lan kula
sapangombyong namung ndherek memuji mugi lampahipun pahargyan tansah manggih
wilujeng kinalisaken saking sedaya rubeda.
Hambokbilih
pahargyan ing mangke sampun paripurna, kula sakpangombyong
nyuwun pamit saha nyuwun donga pangestu mugi wangsul
kula tansah manggih wilujeng sedayanipun.
Makaten menggah
ingkang saget kula aturaken wonten ngarsa panjenengan, mboten kesupen wonten
lepat anggen kula sowan sapangambyong, punapa dene kula ingkang minangka
talanging basa, wonten kirang saha langkungipun tansah
nyuwun agunging pangapunten.
Cekap semanten, matur
nuwun.
Wassalamualaikum
Wr Wb
(Sanggar Tresno Budaya / 085600699926)
(Sanggar Tresno Budaya / 085600699926)
NGRUMPAKA LAMPAHING PENGANTEN PUTRI
NGRUMPAKA LAMPAHING PENGANTEN PUTRI
Suruping
sang arka mratandhani gumantining rahina gumantos ratri, kang kapyarsa
lamat-lamat muhung Ketawang Puspawarna kaya-kaya lagya asung pambagya maring
penganten putri, anjurung puji hastuti mugi-mugi hanggenya badhe lelumban ing
samodraning bebrayan tansah kinalisaken godha rencana lan manggih gesang
kaleresan.
Kawuryan
ana teja hangenguwung mancur mancurat cahyaning, lah punika muhung prabane sang
anyar katon nenggih sang penganten putri, purnaning hangadi busana hangedi
sarira hamulas wadana tumunten harsa manjing ing bale winangun kakanthi dening
para kulawarga ingkang sampun piniji.
Pantesing
busana hangemba-embaning busananing prameswari nata, lamunta kacandra saking
mandrawa, abyor mompyor pating calorot pating gelebyar kaya kilat hasesiring,
katon hamucang kanginan denira lumaksana penganten putri, meloking wadana katon
sumunu kadi dene cahyane kencana ingkang binabar.
Sunaring
netra kadi damar kanginan, lumering sarira sinembah endahing busana akarya
cingaking para ingkang samya humiyat, prapta ing samadyaning bale winangun
dadya kagyat kang tumingal marang sekaring pahargyan, hanguningani lumebering
para tamu kakung putri engkang sami hangrawuhi, kawistara wus kebak hangebaki
jroning sasana pahargyan, satemah kaya andhoyong-ndhoyongna pancak sujining
bale winangun.
Prapteng
unggyan kang tinuju, marma tumanduk ing raos ingkang tumanem ing kalbu tan
kawawa sinanggit kanthi wileding basa panyandra.
Tanggap
ing sasmita pangembaning penganten putri hanenggih ibu
.................................... saha ibu
................................... Arsa mratitisaken lenggahing sang penganten
putri ing sasana kursi rinengga, hangentasi laksitaning tata cara ingkang wus
sinanggit dening para kulawangsa, kawistara lenggah hanggana raras sang
penganten putri ing sasana rinengga, ingapit patah sakembaran.
(Sanggat Tresno Budaya Surakarta / 085600699926)
PAMBIWARA PAHARGYAN PENGANTEN
PAMBIWARA PAHARGYAN
PENGANTEN
(ADAT JAWA)
Kula nuwun,
Assalamualaikum
Wr. Wb.
Kawilujengan,
kamulyan minggahipun katentreman, mugi tansah kajiwa saha kasarira dhumateng hangga panjenengan
sedaya dalasan kula.
Dhumateng para
pinisepuh saha para sesepuh ingkang kula bekteni, para tamu kakung saha putri ingkang
tansah kula tresnani.
Sak derengipun
kula hangaturaken menggah reroncening tata cara ingkang
sampun kasanggid dening para kulawangsa, langkung rumiyin sumangga kula
dherekaken ngunjukaken puji syukur wonten ing ngarsanipun Gusti ingkang Maha
Kawasa, inggih awit saking peparingipun
barokah saha rohmatipun, satemah saget handayani pahargyan wekdal punika
sumrambahipun dhumateng panjenengan sedaya dalasan kula, ingkang taksih dipun
parengaken kempal manunggal wonten ing wisma pahargyan ing mriki kanthi kebak
ing kabagyan.
Sinawung
wigatosing sedya, mugi tata cara lampahing pahargyan ing kalenggahan punika,
tansah winantu ing karaharjan, tebih saking rubeda.
Para tamu kakung
saha putri, para pinisepuh saha sesepuh ingkang mahambek budi darma, mugi
wonten keparengipun kula minangka pambiwara, badhe hangaturaken urut
reroncening pahargyan ingkang badhe lumampah;
·
Lampah tatacara ingkang sepisan,
miyosipun penganten putri saking panti busana.
· Lampah tatacara ingkang angka kalih,
bidhalipun sang dhuta pamapag. Saklajengipun
tatacara candhakipun menggah sowanipun penganten kakung kalajengaken pasrah
panampi.
·
Paripurna pasrah panampi, kalajengaken
tatacara panggih penganten.
· Saksampunipun tatacara panggih,
kalajengaken putra panganten sarimbit kadherekaken lenggah ing sasana
palenggahan ingkang sampun sumadya.
·
Menggah lampah tatacara candhakipun,
tumapak waosan pandonga.
· Paripurna waosan pandonga, kalajengaken
lampahing tatacara lan upacara adat ingkang winastan upacara krobongan jangkep.
· Paripurna lampahing tatacara krobongan,
kalajengaken rawuhing besan sekaliyan saha pangombyongipun.
· Saksampunipun besan lenggah sawetawis,
kalajengaken lampahing tatacara pangabekten.
· Paripurna pangabekten, kalajengaken
hatur pasugata lelangen budaya.
· Sawetawis lelangen kasigeg,
kalajengaken tumapaking hatur pambagyaharja.
· Paripurna hatur pambagyaharja,
kalajengaken hatur sugata lelangen budaya ing candhakipun.
· Paripurna lelangen budaya, kalajengaken
paripurnaning pahargyan ing kalenggahan wekdal punika.
· Pratandha paripurnaning pahargyan,
kagalih penganten sarimbit, rama-ibu, saha besan sekaliyan sampun kadherekaken
tumuju ing sakngajenging kori pahargyan ingkang saperlu nampi saha ndherekaken
konduripun para tamu sedaya.
Makaten sampun
kula haturaken menggah urut reroncening tatacara pahargyan, kaliyan hanyrantos
tumapaking tatacara ing candhakipun, katur para tamu sedaya kasuwun
hanyekecakaken lelenggahan kanthi mardikaning manah. Nuwun.
---------------
Tumapaking upacara ---------------
Para tamu kakung
saha putri miwah para pinisepuh saha
sesepuh ingkang kinurmatan, pambiwara sampun nampi sasmita saking sesepuh,
bilih penganten putri sampun rampung hanggenipun
amulas wadana angrasuk busana, awit saking punika, hangruntuti tata cara
ingkang sampun karakit, tumunten badhe kadherekaken jengkar saking panti busana
tumuju dhumateng ing sasana rinengga.
Sumedyaning
kayun saha hangetrepi tata upacara adat widi widana ingkang sampun sinengker
dining trah Surakarta Hadiningrat.
Ingkang punika
dhumateng ibu ..................................... saha ibu
.................................... kanthi suka rena, kasuwun hanganthi
penganten putri mugi kalenggahaken ing sasana kursi rinengga ing samadyaning
bale winangun.
Para tamu saha
para pinisepuh saha sesepuh, nyuwun tambahing pangestu, dene lampahing
penganten putri kinurmatan kanthi ungeling ketawang
....................................
(Cathetan)
Utawi inggih
saged mawi sasmita gending tuladhanipun makaten.
Yen cinandra
tindakipun penganten putri pindha sekar mancawarna ingkang kaseliring
maruta/mangambar arum gandaning penganten putri pindha mekaring kusuma.
--------------------
Tumunten ungeling Ktw. ..........................................
(Ngrumpaka Lampahing Penganten Putri)
Tuladha
aturipun pambiwara sasampunipun penganten putri lenggah;
Para tamu kakung
saha putri saha para lengggah ingkang tansah winantu ing pakurmatan, makaten
kanthi lulus raharja tindakipun penganten putri
ingkang ginarubyug para kadang tumuju balai winangun
.
Penganten putri
sampun lenggah wonten ing kursi rinengga, jroning wardaya kalian hanyrantos
jejoko mudha ingkang dadya geganthilaning ati, kanthi hanyrantos tumapaking
tata cara, ingkang punika dhumateng Bp ............................. minangka
dhuta pamapak penganten kakung tumuju dhumateng papan pambusanan, wekdal
sawetahipun kasumanggakaken, murih rahayuning sedya widadaning lampah,
tindakipun sang dhuta pamapak sinawung
ungeling Ayak-ayakan Pl Br
Tuladha aturipun pambiwara wekdal
penganten kakung saking panti busana;
Tumapak tatacara
ing candhakipun, penganten kakung jengkar saking sasana busana.
Tindakipun
penganten kakung jengkar saking sasana busana kabiwaldha ungeling Ladrang Wilujeng.
Awit rawuhipun
sesepuh saking penganten kakung, dhumateng
Bp........................................ kasuwun siyaga ing sangandhaping
pandhapi agung ingkang saperlu ing mangke badhe nampi pasrahipun penganten
kakung, jumenengipun Bp........................................... kasumbul Bp
......................................... saha Bp
.......................................
Dhumateng Bp
................................. kasuwun mratitisaken rawuhipun penganten
kakung sakpangombyong, dhumateng ingkang
tinanggenah wekdal saha panggenan sawetahipun kula haturaken, matur nuwun.
Tuladha pambiwara hamiwiti badhe
pasrah;
Para tamu kakung
saha putri, kados-kados sampun siyaga ing sedayanipun, awit saking punika
dhumateng Bp ...................................... ingkang minangka hatur
pasrah, wekdal sakcekapipun kula haturaken. Nuwun, matur nuwun.
(HATUR PASRAH)
Tuladha
haturipun pambiwara sasampunipun hatur pasrah;
Makaten para
tamu saha para lenggah, sampun pari purna hatur pasrah, ing saklajengipun katur
Bp
...................................... keparenga hanampi hatur pasrah, wekdal
sakcekapipun kula haturaken. Nuwun, Matur nuwun.
(HATUR PANAMPI)
Tuladha
haturipun pambiwara sak sampunipun pari-purna pasrah-panampi tumapak tatacara
panggih penganten.
Para tamu kakung
saha putri ingkang kepareng
lelenggahan ing samadyaning pahargyan, makaten sampun paripurna tatacara pasrah
panampining penganten, ingkang punika kalajengaken tatacara panggih penganten
nut satataning adat ingkang lumampah wonten ing wewengkon Surakarta
Hadiningrat.
Keparenga kula
hangaturaken para paraga ingkang sampun piniji mratitisaken miwah nyamektakaken
ubarampening panggih.
a. Ingkang
kasuwun mratitisaken panggih Ibu
......................................
b. Cecawis
ubarampe panggih Ibu
/ Sdr / Rr ......................
c. Pangarih-arih
penganten kakung Bp
.......................................
Bp
......................................
d. Ngasta
nampan isi sindur Rr .......................................
e. Patah
sakembaran
Anak
angger......................
Anak
angger......................
f .
Pangarih-arih penganten putri Ibu
.....................................
Ibu
.....................................
g. Nyingepi sindur Ibu penganten
putri
h.
Ingarsa sung tuladha Rama
penganten putri
Makaten sampun
kahaturaken menggah para paraga ingkang kepareng badhe manggihaken penganten,
saha hambokbilih sampun siyaga ing sedayanipun tumapaking tatacara panggih kula
sumanggakaken dhumateng ingkang tinanggenah.
Tumapaking
tatacara panggih kanthi kinurmatan ungeling gendhing Kodok Ngorek, saha
katur para tamu wontening lampah tatacara panggih, panyuwun ingkang hamengku
gati mugi wonten keparengipun paring donga pangastuti dhumateng penganten
sarimbit kanthi lelenggahan kewala. Nuwun.
(Ngrumpaka penganten
panggih)
Makaten para
tamu kakung saha putri, sampun paripurna menggah lampahing tata upacara panggih
penganten. Ing saklajengipun katur para tamu kakung saha putri kasuwun
lelenggahan kanthi mardikaning penggalih sinambi midhangetaken ungeling
gendhing saking kadang pangripta gendhing.
Atur
sasampunipun panggih penganten ;
Para tamu kakung
saha putri ingkang kinurmatan, makaten sampun pari purna tatacara panggih
penganten. Ing saklajengipun badhe kalajengaken tatacara adat jawi ingkang
winastan tatacara krobongan jangkep, awit saking punika dhumateng ibu juru rias
mugi keparenga mratitisaken lampahipun tatacara adat jawi ingkang badhe
lumampah, saha katur ibu ...................................... keparenga cecawis
ubarampening tatacara adat jawi.
Kagalih sampun
siyaga sedayanipun, katur ingkang tinanggenah, sasana upacara adat sawetahipun
kula haturaken.
Minangka
pangiring lampahipun tatacara adat jawi kahiring Ladrang Sriwidada ;
-----------------------------------------------------------------------------
Lampahing
tatacara adat jawi wonten 3 perangan.
Lampahing
tatacara adat ingkang sepisan, ingkang winastan Trajusing (bobot timbang)
Menggah
werdining bobot timbang, sekawit putra Bp .....................................
sekaliyan namung setunggal, ngancik titiwanci kalenggahan punika sampun tambah
setunggal inggih punika Bg.................................. putra kakungipun
Bp .................................. sekaliyan ugi ingkang winastan putra
mantu.
Sanadyan punika
putra mantu, namung jroning manah Bp .....................................
sekaliyan karengkuh kadosdene putra piyambak, pramila menawi dipun bobot lan
dipun timbang, menika sami awratipun lan sami bobotipun. Pangrengkuh mboten
wonten putra piyambak lan putra mantu, sedaya karengkuh kadosdene putra
pribadi.
Sasampunipun
bobot-timbang pari purna, kalajengaken tatacara candhakipun ingkang winastan
tatacara kacar- kucur.
Menggah
werdining kacar-kucur punika, minangka asok bandha lan guna-kayanipun putra
penganten kakung dhumateng ingkang pawestri.
Saksampunipun
katampi minangka peparing saking ingkang garwa, sang pinanganten putri mboten
katalumpen emut purwaning duksina, pramila emut dhumateng tiyang sepuhipun
ingkang ngukir jiwa-raganipun, wiwit saking guwa garba ngantos dumugining akhir
dewasanipun, pramila minangka bhekti, saperangan peparing saking ingkang garwa,
kacaosaken dhumateng tiyang sepuh kekalih.
Pari-purna
kacar-kucur, kalajengaken tatacara ing candhakipun, ingkang winastan kembul
bujana.
Menggah
werdinipun, menika nedahaken minangka karukunaning bebrayan ing antawisipun
kakung lan pawestri, pangajab hambokbilih manggih gesang
ingkang ngremenaken, sesarengan dipun raosaken babagan kabingahan kalawau.
Namung kosok wangsulipun, hambokbilih mrangguli kawontenan ingkang mboten
ngremenaken, supados sedaya kalawau dipun raosaken sesarengan.
Werdi ing sanes,
yen ana kepenake ayo pada dirasakake bebarengan, lan yen ana ruwet rentenging
bebrayan ayo padha disangga bebarengan. Saha wonten tetembungan ing sanes, yen
ana rasa legi lan pahit ayo padha dirasakake bebarengan.
Pari-purna kembul bujana,
kalajengaken rawuhipun besan sekaliyan ;
Katur Bp
.................................. sekaliyan mugi wonten keparengipun
mratitisaken rawuhipun besan sakpandherek.
Saha dhumateng
Bp ....................................... sekaliyan keparenga mratitisaken
ingkang hamengku gati saperlu mangayu bagya rawuhipun besan sekaliyan.
Rawuhipun
sinubagya ungeling Ladrang Tirta Kencana P.br. / Ldr. Manis P.br. Nuwun.
Para rawuh kakung saha putri hangruntuti tata cara sak lajengipun
lampahing sungkeman. Katur ibu .....................................
kasuwun mratitisaken lampahipun sungkem panganten, saha dhumateng Bp
.................................. kasuwun hanglolos ageman duwung putra
penganten kakung.
Menawi kagalih
sampun siyaga ing sedayanipun, dhumateng ingkang
sampun sinebat asmanipun kasuwun siyaga ing gati hanindakaken karya ............... Nuwun.
Lampahipun
tatacara pangabekten sinubagya ungeling; Ldr.
Mugi Rahayu Slm, L/dr Santi Mulya P. Br, /Ldr , Rangayu Pbr.
(Ngrumpaka
Penganten Sungkem)
---------------------------------------------------------------------------
Makaten sanggya
tamu, sampun pari-purna menggah lampahing pangabekten, ing saklajengipun
kaliyan hanyrantos tumapaking tatacara candhakipun, saking ingkang hamengku
gati badhe caos sugata ingkang arupi lelangen ...............................
sawetawis
Kanthi
makaten, katur kadang wira pradangga kasumanggakaken. Nuwun.
Para tamu kakung
saha putri, pari paksa lelangen budaya kasigeg sawatawis, kinen nglajengaken
lampahipun tatacara ing sak lajengipun. Menggah lampahing tatacara ing candhakipun,
dhumawah hatur pambagyaharja, awit saking bombonging manah sampun ngawuningani
semanten kathahipun para tamu ingkang sampun kepareng rawuh, pramila atur
punika namung kandheg wonten ing satelenging jangga kewala, wonten ing
kalodangan titi wanci punika nyuwun gungan katur Bp
..................................... mugi wonten keparengipun jumeneng sesulih
talanging basa hatur pambagyaharja, menggah jumenengipun
Bp.................................... kasumbul Bp
..................................... saha Bp
....................................
Dhumateng Bp ........................................ sekaliyan kasuwun
mratitisaken jumenengipun penganten sekaliyan rama ibu saha besan sekaliyan.
Kagalih sampun
siyaga ing sedayanipun, dhumateng ingkang tinanggenah sasana saha wekdal
kasumanggakaken.
Nuwun.
(HATUR PAMBAGYAHARJA)
Makaten
pari-purna hatur pambagyaharja, ing salajengipun panyuwun saking ingkang
hamengku gati, katur para tamu sedaya wonten keparengipun hanglajengaken
lelenggahan kanthi mardika, saha midhangetaken atur sugata gending-gending
saking para kadang wira pradangga.
Nuwun.
Para tamu kakung
saha putri, kados-kados pahargyan ing kalenggahan wekdal punika sampun ndungkap pari-purna, awit
saking punika katur Bp................................... sekaliyan, mugi
wonten keparengipun jengkaraken penganten sekaliyan, besan sekaliyan, saha
ingkang hamengku gati sekaliyan, kadherekaken
tumuju dhumateng sangajenging wiwara pahargyan ing saperlu nampi atur
pamit saha nguntabaken konduripun para tamu sedaya.
Kagalih sampun
siyaga ing sedayanipun, dhumateng ingkang tinanggenah mratitisaken wekdal
salajengipun kasumanggakaken. Nuwun.
Konduripun para
tamu sedaya, kula dherekaken kanthi manggih wilujeng ing sedayanipun.
(Gending
ayak-ayakan Slm – Ldr Tedhak Saking Pl.6 – Ldr Gleyong Pbr.)
Kula minangka
ingkang kajibah pambiwara, hambokbilih wonten kirang langkungipun anggen kula
matur, kula nyuwun gunging pangaksama.
Wassalamualaikum Wr.
Wb.
(Sanggar Tresno Budaya Surakarta / 085600699926)
Sabtu, 20 Oktober 2018
KIDUNG SIRAMAN CALON PENGANTEN
KIDUNG SIRAMAN CALON PENGANTEN
Dhandanggula Pl 6
Werdine kang budaya piningit
Upacara siraman samangkya
Puji dunga siramane
Sinten
kang arsa mantu
Hamiwaha putra kinasih
Nindakaken upacara
Siraman satuhu
Amrih kalis sambekala
Tulus widada manggya suka basuki
Binerkahan pangeran
Rama ibu wus samekta gati
Sinengkuyung dening para warga
Piniji kawibawane
Sadaya cacah pitu
Gunggung nawa sanga hanenggih

Dahat trusing kalbu
Siniram tirta marta
Sekar setaman ginarujug slira rukmi
Mrih sirnaning sukerta
Ginosokan lulur manca warni
Iku asung pituduh sanyata
Reresik jiwa ragane
Tirta kacidhuk siwur
Mengku wardi ngupadi ngelmi

Cinadhi ing kalbu
Paugeraning bebrayan
Hangemuti laku jantraning ngaurip
Mrih bisa kasembadan
Rama ibu kang murwakani
Hanyirami maring
putranira
Wujude trisna asihe
Yekti jejering sepuh
Ingkang tansah hamarsudi
Hanggegulang mring putra
Bebuden kan luhur
Bisowa dadi panutan
Annggonira mbangun bale wisma nini
Wibawa basukarya
Pinisepuh cacah sapta yekti
Dadya pralampita
sanyata
Sagung piranti uripe
Kulit daging lan rambut
Otot balung sungsum lan getih
Saperlu hamanunggal
Amrih bisa runtut
Sagung tindak tandukira
Lelandesan paugeraning ngaurip
Tansah eling pangeran
Hamungkasi pituduh sayekti
Upacara siraman samangkya
Ingkang agung paedahe
Marang kang nembe mantu
Mugi hantuk berkahing Gusti
Kali sing
sambe kala
Wahyune tumurun
Handayani kulawarga
Hanampiya kanugrahan kang sayekti
Purwa madya wasana
(Sanggar
Tresno Budaya Surakarta)
Langganan:
Postingan (Atom)