(Dening Sanggar Tresno Budaya Surakarta)
Mendamba UN yang Jujur
OPINI | Dimuat di Jurnal Nasional pada Senin 18 April 2011
Sertifikasi Otomatis Cetak Guru Profesional?
Dimuat di Harian Solopos pada Selasa 4 Nopember 2008
Wajah Bopeng Pendidikan Kita
Refleksi Hardiknas
Kaji Ulang Ujian Nasional
Dimuat di Jurnal Nasional pada Sabtu 11 Mei 2013
Setelah RSBI dibubarkan
OPINI | Sutrisno, Guru SMPN 1 Wonogiri
Senin, 17 September 2018
TATA UPACARA PASRAH PANINGSET KALAJENGAKEN IJAB
TATA
UPACARA PASRAH
PANINGSET
(
Kalajengaken
Ijab )
(Pambuka kairing ungeling gendhing manguyu-uyu)
Kula
nuwun,
Assalamualaikum Wr. Wb.
Para
pinisepuh saha sesepuh ingkang satuhu kinabekten, para tamu kakung saha putri
ingkang kinurmatan.
Sumangga
sakderengipun kula nglajengaken, menggah menapa ingkang dados wigatosing
pahargyan wonten ing dinten punika, langkung rumiyin kula dherekaken manengku
puja wonten ngarsa dalem Allah SWT, ingkang ngantos dinten punika taksih
kepareng maringaken rohmatipun dhumateng panjenengan sedaya dalasan kula.
Katitik
kanthi sih rohmatipun, panjenengan sedaya para tamu kakung saha putri saget hangrawuhi
pahargyan ijab ing dinten punika.
Para
tamu kakung saha putri ingkang winengku ing pakurmatan, wonten ing kalodhangan punika kula
minangka pambiwara badhe hangaturaken menggah urut reroncening pahargyan ing
dinten punika.
LAMPAHING
TATACARA INGKANG SEPISAN; www.trisnosolo..com
Sasampunipun
pangarak punapa dene pangombyong badhe penganten kakung sampun pinarak lenggah,
kalajengaken pasrah saha panampining badhe penganten kakung jangkep sak
ubarampenipun.
KALAJENGAKEN
TATACARA INGKANG ANGKA KALIH;
Badhe
penganten putri kalenggahaken ing sasana palenggahan ingkang sampun sumadya.
KALAJENGAKEN
LAMPAHING TATACARA IJAB;
Sak
derengipun ijab kalampahan, katur dhumateng Ibu
....................................... saha Ibu
................................... kasuwun nderekaken tindakipun badhe
penganten putri jengkar saking panti busana tumuju ing sasana ijab, kasuwun Bp ....................................... ingkang kepareng
mratitisaken ijab sampun siyaga ing papan ijab.
TUMAPAK
TATACARA INGKANG ANGKA SEKAWAN;
Waosan
ayat suci AL QUR’AN.
KALAJENGAKEN
LAMPAHING TATACARA IJAB;
Kasuwun
penghulu saking kantor urusan agama
Kec ........................... hamiwiti tatacara ijab, saha kasuwun ingkang
minangka dados seksi keparenga siyaga ing papan palenggahan ingkang sampun
sumadya, makaten
ugi wali nikah kasuwun siyaga ing sasana ijab.
PARI
PURNA IJAB PENGANTEN,
Kalajengaken
tatacara candhakipun ingkang winastan liru kalpika, kalajengaken penganten
lenggah jajar wonten ing sasana kursi rinengga.
TUMAPAK
TATACARA ING CANDHAKIPUN INGGIH
PUNIKA ATUR PAMBAGYAHARJA.
Pari-purna
hatur pambagyaharja, pratandha
pari-purnaning pahargyan ing kalenggahan dinten punika.
-----------------------------------------------------------
Makaten
sanggya tamu kakung saha putri, sampun kula haturaken urut reroncening tatacara pasrah
panampi paningset saha ijab qobul.
Ing
saklajengipun katur para tamu, kaliyan hanyrantos rawuhipun badhe penganten
kakung saha pangombyong, saking keparenging ingkang hamengku gati, katur para
tamu sedaya keparenga hanglajengaken lelenggahan kanthi merdikaning manah. Nuwun.
Para
tamu kakung saha putri, para pinisepuh saha sesepuh ingkang dahat kinurmatan,
kados sampun wonten sasmita saking pangarsa, bilih sampun dhungkap rawuhipun
badhe penganten kakung jangkep sakpangombyongipun.
Awit
saking punika katur Bp ................................ sekaliyan ingkang
mratittisaken badhe penganten kakung jangkep sakpangombyongipun
kasumanggakaken.
Rawuhipun
badhe penganten kakung sapangombyong kinurmatan
ungeling Ldr. Wilujeng Plg. Br.
Cathetan:
Sedaya
kasuwun lenggah langkung rumiyin, nembe kalajengaken tatacara pasrah panampi.
LAMPAHING
TATACARA PASRAH SAHA PANAMPI;
Para
tamu kakung saha putri, sumrambah para lenggah ingkang satuhu kinurmatan,
tumapak tatacara ing saklajengipun inggih punika tatacara pasrah panampi, katur Bp..............................
ingkang kinarya talanging basa panampi saking Bp ....................... sekaliyan,
kasuwun siyaga ing diri, saha katur dhumateng
Bp ............................. saha Bp .............................
ingkang minangka panyumbul kasuwun siyaga ing karya.
Hambokbilih
sampun siyaga gati ing sedayanipun, katur Bp............................... sasana
saha wekdal pasrah sakcekapipun
kula sumanggakaken.
( ATUR PASRAH )
Kula nuwun,
Assalamualaikum
Wr Wb
Kawilujengan,
kamulyan minggahipun katentreman, mugi tansah kajiwa saha kasarira dhumateng
hangga panjenengan sedaya dalasan kula.
Para
pinisepuh saha sesepuh ingkang satuhu kula bekteni, sumrambah para tamu kakung
saha putri ingkang satuhu luhuring budi, maliginipun Bp......................................
ingkang minangka srayanipun Bp..................................... sekaliyan.
Sakderengipun
kula nglajengaken matur, sumangga langkung rumiyin kula derekaken sesarengan
ngunjukaken puji syukur wonten ngarsanipun Gusti ingkang Maha Kawasa, ingkang sampun
paring kasarasan saha kawilujengan dhumateng panjenengan sedaya dalasan kula,
satemah ngantos dumugi wanci punika, panjenengan sedaya lan kula taksih saget
makempal manunggal wonten ing papan pahargyan kanthi wilujeng. www.trisnosolo..com
Ing
saklajengipun menggah wigatosing pisowan kula, kula minangka srayanipun Bp.............................. kekalih,
ngaturaken salam taklim kanthi atur Assalamualaikum
wr wb, mugi kahaturaken dhumateng
ingkang hamengku gati, saklajengipun sowan kula ing mriki saperlu hamasrahaken
putra badhe penganten kakung Bg ...........................................
admajanipun Bp ................................... kekalih, ingkang badhe
kaijabaken kaliyan Rr ................................ putra pawestrinipun Bp
.................. sekaliyan nut satataning agami tuwin pranataning pamarentah.
Menggah
sowanipun badhe penganten kakung,
saking keparengipun Bp ................................... kekalih, kinanthen
ubarampe ingkang sinebat upakarti, minangka jangkeping palakrami inggih punika
ingkang awujut majemukan jangkep lan sanes-sanesipun ingkang mboten saget kula
sebataken setunggal mboko setunggal. Awit sedayanipun sampun cekap, pramila badhe penganten kakung saha upakarti,
kula pasrahaken dhumateng panjenengan. Kula sakpangambyong namung ndherek
ndedonga mugi lampahipun Ijab Qabul (lan pahargyan) tansah manggih wilujeng.
Ing
sak lajengipun hambokbilih Ijab Qobul (saha pahargyan) ing mangke sampun
paripurna, kula sakpangombyong nyuwun
pamit, nyuwun donga pangestu mugi wangsul kula tansah manggih wilujeng ing
sedayanipun.
Makaten
menggah ingkang saget kula aturaken wonten ngarsa panjenengan, mboten kesupen
wonten lepat anggen kula sowan sakpangombyong,
punapa dene kula ingkang minangka talanging basa, wonten kirang saha langkungipun
anggen kula matur, kula tansah nyuwun agunging pangapunten.
Cekap
semanten, matur nuwun.
Wassalamualaikum Wr.
Wb.
----------------------------------------------------
Makaten
sampun pari purna menggah hatur pasrah, saklajengipun katur dhumateng
Bp..................................... ingkang minangka panampi pasrah, sasana saha wekdal sakcekapipun
kasumanggakaken. Nuwun.
( ATUR PANAMPI )
Kula
nuwun,
Assalamualaikun
Wr. Wb.
Kawilujengan,
kamulyan minggahipun katentreman, mugi tansah kajiwa saha kasarira dhumateng
hangga panjenengan sedaya dalasan kula.
Para
pinisepuh saha sesepuh ingkang satuhu kula bekteni, sumrambah para tamu kakung
saha putri ingkang satuhu luhuring budi, maliginipun Bp......................................
ingkang minangka srayanipun Bp..................................... sekaliyan.
Sakderengipun
kula nglajengaken matur, sumangga langkung rumiyin kula derekaken sesarengan
ngunjukaken puji syukur wonten ngarsanipun Gusti ingkang Maha Kawasa, ingkang sampun
paring kasarasan saha kawilujengan dhumateng panjenengan sedaya dalasan kula,
satemah ngantos dumugi wanci punika, panjenengan sedaya lan kula taksih saget
makempal manunggal wonten ing papan pahargyan kanthi wilujeng.
Ing
saklajengipun kula minangka sulihipun Bp
....................................... kekalih ngaturaken pambagya wilujeng
rawuh saha agunging panuwun awit rawuh panjenengan sak pangombyong wonten ing
pahargyan wekdal punika. Wondene atur salam taklimipun Bp.........................................................
sekaliyan lumantar panjenengan kula tampi kanthi atur Wa’alaikumussalam Wr. Wb. www.trisnosolo..com
Ing
saklajengipun hanggen panjenengan masrahaken badhe penganten kakung saha
upakarti lan uborampe sanes-sanesipun ugi kula tampi, tumuli badhe enggal kula
aturaken dhumateng Bp.................................. kekalih. Ing
saklajengipun enggal katindakaken tatacara Ijab Qobul. Saha kepareng matur
dhumateng panjenengan, saking panyuwunipun
Bp...................................... kekalih, panjenengan sak pangombyong
mugi kersa hangrestreni lampahipun Ijab Qobul lan paring pandonga mugi
lampahipun Ijab Qobul tansah manggih rahayu wilujeng kalis saking sedaya
rubeda.
Ing
saklajengipun katur Bp ................................. sapangombyong,
hambokbilih pahargyan sampun pari-purna, kula namung nderek ngaturaken wilujeng
kundur, mugi ing mangke konduripun
tansah manggih wilujeng, dumugi dalemipun piyambak-piyambak, mboten wonten
alangan setunggal punapa.
Makaten
atur panampi kula, kula minangka sulihipun ingkang hamengku gati, sepisan malih
wonten kirang saha langkungipun hanggen kula matur, kula tansah nyuwun agunging
pangapunten.
Cekap
semanten, matur nuwun.
Wassalamualaikum Wr Wb
-------------------------------------------------------------
Mekaten
sampun paripurna tatacara pasrah panampi,
ing saklajengipun badhe
kalajengaken lampahing tatacara ijab.
(LAMPAHIPUN
IJAB)
Katur
Ibu ................................ saha Ibu ................................
kasuwun nderekaken miyosipun badhe penganten putri jengkar saking sasana
busana, ing saklajengipun keparenga kadherekaken tumuju ing sasana ijab, saha
kasuwun Bp ................................ ingkang tinanggenah
mratitisaken lampahing ijab qobul,
wekdal sakcekapipun kasumanggakaken.
Nuwun.
Saha
sak derengipun kalampahan Ijab Qabul, ing mangke langkung rumiyin badhe dipun
waosaken ayat suci AL QUR’AN dening sederek, bp/ibu,
............................ dhumateng paraga ingkang kapiji, wekdal sakcekapipun
kasumanggakaken, nuwun.
Paripurna
waosan kitab suci, kalajengaken tumapaking tatacara ijab qobul, sasana saha wekdal sakcekapipun kula aturaken
dhumateng bapa penghulu.
Makaten
para tamu kakung saha putri, sampun pari purna lampahing ijab qobul
Lampahing liru kalpika ; www.trisnosolo..com
Katur
Ibu .................................. kasuwun mratitisaken lampahing liru kalpika,
saha Rr ................................ kasuwun ngasta nampan ingkang minangka
wadhah kalpika.
Hambokbilih
sampun siyaga ing sedayanipun,
katur ingkang tinanggenah wekdal sakcekapipun kasumanggakaken.
Lampahing tatacara liru
Kalpika, sumangga dhumateng para kadang pangrawit, kasuwun hambabar Ldr. Sri widada. Pbr.
Makaten
sampun paripurna menggah lampahing
tatacara liru kalpika, ing saklajengipun katur dhumateng para tamu kakung saha
putri, saking keparengipun ingkang hamengku karya, panjenengan sedaya kasuwun
nglajengaken lelenggahan kanthi mardikaning penggalih, sinambi
midhangetaken gendhing-gendhing ingkang lumantar
saking kadang wira pradangga.
Nuwun.
TUMAPAK TATACARA HATUR
PAMBAGYAHARJA;
Para
tamu saha para lenggah engkang kinurmatan, paripeksa kula hanyigeg sawetawis wekdal
menggah kamardikan panjenengan sedaya, awit nuhoni dhawuh
saking pangarsa kinen kula hanglajengaken tatacara ing candakipun.
Menggah
tatacara ing saklajengipun
tumapaking hatur pambagyaharja.
Katur Bp
................................ ingkang minangka talanging basa Bp ................................ sekaliyan, saha Bp................................ kaliyan Bp
................................ ingkang minangka panyumbul kasuwun siyaga ing diri.
Tumapaking
tatacara hatur pambagyaharja, penganten sarimbit kajumenengaken sawetawis,
dhumateng Bp ................................ sekaliyan kasuwun mratitisaken
jumenengipun penganten sarimbit ingkang jinajaran rama saha ibu sekaliyan,
hambokbilih sampun siyaga ing sedayanipun, sasana saha wekdal sakcekapipun kula sumanggakaken, nuwun.
( ATUR PAMBAGYAHARJA )
Kula
nuwun.
Assalamualakum Wr. Wb.
Kawilujengan,
kamulyan minggahipun katentreman,
mugi tansah kajiwa saha kasarira
dhumateng hangga panjenengan sedaya dalasan kula.
Para pinisepuh saha sesepuh ingkang satuhu
kinabekten, sumrabahipun dhumateng para tamu kakung saha putri ingkang satuhu
luhuring budi.
Keparengna
kula sumela matur sawetawis, saha paripeksa
ngirangi kamardikan panjenengan sedaya, ingkang nembe nedheng-nedhengipun imbal
pangandikan.
Para tamu kakung saha putri ingkang kinurmatan, kula minangka sesulihipun Bp
................................ sekaliyan, kinen ngaturaken pambagyaharja,
saha ngaturaken raos suka ebahing manah saha lekasing sedya ing kalenggahan
punika. www.trisnosolo..com
Minangka purwakaning
atur, langkung rumiyin kula derekaken ngunjukaken puji syukur wonten ing
ngarsanipun Allah SWT, ingkang sampun paring kasarasan, kawilujengan saha katentreman dhumateng
panjenengan sedaya dalasan kula, satemah ngantos dumugi titi wanci punika taksih saget makempal manunggal ing papan pahargyan
wekdal punika kanthi
wilujeng.
Para
tamu kakung saha putri ingkang sinuba ing pakurmatan, madyaning pahargyan punika kula ngaturaken pambagya
wilujeng rawuh dhumateng panjenengan
sedaya para tamu kakung saha putri ingkang sampun kepareng lenggah wonten ing
samadyaning pahargyan prasaja wekdal
punika, maliginipun para kadang besan
ingkang kinurmatan, ngaturaken gunging panuwun ingkang tanpa pepindhan, mugi keparenga
panjenengan sedaya
kasuwun lelenggahan kanthi mardikaning manah.
Para pinisepuh lan
sesepuh saha para tamu ingkang winantu
ing suka basuki, lekas wekasing sedya wigatosing gati, keparenga kula ngaturaken
menggah wigatosaing pahargyan ing wekdal punika, nadyan panjenengan sedaya sampun
ngawuningani gatining sedya ing kalenggahan punika, ing sekawit Bp......................................
sekaliyan sampun nggumolongaken rembag
kaliyan Bp...................................... sekaliyan, ingkang netepi darmaning
asepuh nedya ngempalaken balung apisah, ngraketaken daging arenggang, ing
antawisipun Bp ................................ sekaliyan kagungan putra jaler
ingkang asesilih Bg ............................... saha Bp
............................... sekaliyan hanggadahi siwi putri ingkang asesilih Rr
....................................... manunggaling sedya ingkang sampun
jumbuh handaupaken ingkang
putra penganten miturut satataning agami saha pamarentah,
inggih awit saking samudayanipun sampun manunggal cipta, rasa, miwah
karsanipun, ing kalenggahan punika, sampun katindakaken tata upacara pasrah
panampining paningset saha upakarti, winastan lamaran saha ijab.
Mugi-mugi
wekasing sedya saget kasembadan ingkang sami ginayuh, saha saking panyuwunipun Bp
...................................... sekaliyan mugi wontena jumurunging puji
hastuti saking para tamu sedaya mugi hanggenya Bp
..................................... sekaliyan nampi pasrah upakarti saha
ngijabaken ingkang putra tansah manggih basuki ing sedayanipun. Aamiin.
Hambokbilih
Bp .......................................... sekaliyan saha para kulawarga
hanggenipun nampi rawuh panjenengan sedaya, saha hanggenipun caos papan palenggahan,
menapa dene panyugata,
wonten kiranging boja krami, hanglenggana
budi dayaning manungsa kirang sampurna, awit saking punika Bp
................................. sekaliyan nyuwun agunging samodra pangaksami.
Saha
matur nuwun ingkang tanpa pepindan dhumateng sanak sedherek lan para kadang
kaneman, ingkang sampun kepareng hambiyantu saha paring kadarman engkang arupi
bandha tenaga penggalihan lan rerigen
sanesipun, sedaya kalawau ingkang saget handamel enthengipun ingkang minangka
dados sesangganipun ingkang
hamengkugati, kanthi kesahenan ingkang sampun
panjenengan paringaken, mugi pikantuka lelintu ingkang matikel-tikel saking
ingkang Maha Kawasa,
lan mugi
sageta dados amal sae panjenengan sedaya.
Hambok
bilih ing mangke pahargyan sampun paripurna, kula ndherekaken wilujeng
kundur, mugi konduripun
tansah manggih rahayu wilujeng dumugi dalemipun piyambak-piyambak.
Wusananing
atur kula ingkang minangka dados talanging basa hambokbilih wonten kirang saha
langkungipun hanggen kula matur wonten
ngarsa panjenengan sedaya, kula tansah nyuwun agunging pangapunten.
Cekap semanten, matur nuwun.
Wassalamualaikum Wr. Wb.
--------------------------------------------------------
Paripurna
hatur pambagyaharja ingkang kasarira Bp ................................ ing
saklajengipun atur uninga sawatawis, pratandha pahargyan ing mangke dungkap
pari-purna hambokbilih penganten sarimbit sampun kadherekaken jumeneng wonten
sangajenging wiwara pahargyan, ingkang
jinajaran rama ibunipun, saperlu badhe nguntapaken konduripun para tamu sedaya,
makaten menggah atur uninga
sawetawis.
Ing
saklajengipun kaliyan hanyrantos
tatacara ing candhakipun, sumangga katur para tamu sedaya kasuwun nglajengaken
lelenggahan kanthi mardikaning manah.
Para
tamu kakung saha putri ingkang kinurmatan, kados-kados sampun dungkap paripurna
pahargyan, Awit saking punika katur dhumateng Bp
....................................... sekaliyan, kasuwun jengkaraken
penganten sekaliyan saha ingkang hamengku karya, kadherekaken jumeneng wonten
sangajenging wiwara pahargyan, ingkang saperlu badhe nampi hatur pamit saha
nderekaken konduripun
para tamu sedaya.
PARI-PURNA ;
Pari-purnaning
pahargyan ing kalenggahan punika sumangga kula dherekaken maos hamdallah
sesarengan ......................... matur nuwun.
Kunduripun
para tamu sedaya kula dherekaken kanthi asesanti, jaya-jaya wijayanti rahayuwa
ingkang sami pinanggih.
Saha
mboten katalumpen hambokbilih hanggen kula hangayahi jejibahan pambiwara ing
pahargyan wekdal punika manggih kalepatan ingkang arupi punapa kemawon kula
tansah hanyeyadhong
lumunturing sih pangapunten.
Nuwun,
matur nuwun
Wassalamualaikum Wr. Wb.
(Dening Sanggar Tresno Budaya Surakarta)
(Dening Sanggar Tresno Budaya Surakarta)
Jumat, 14 September 2018
ATUR PAMBAGYAHARJA PASRAH PANINGSET
TULADHA ATUR PAMBAGYAHARJA PASRAH PANINGSET
Kula nuwun,
Assalamualaikum Wr. Wb.
Kawilujengan,
kamulyan minggahipun katentreman mugi tansah kajiwa saha kasarira dhumateng
hangga panjenengan sedaya dalasan kula.
Para
pinisepuh saha sesepuh ingkang satuhu kinabekten, sumrambahipun para tamu
kakung saha putri ingkang kinurmatan.
Awit
saking raos suka renaning manah saha bombonging panggalihipun
Bp........................... sekaliyan mboten kuwawi matur piyambak wonten
ngarsa panjenengan sedaya, menggah babaring atur,
kula minangka talanging basa, kinen matur wonten
ngarsa panjenengan sedaya.
Purwakaning
atur, sumangga langkung rumiyin kula dherekaken sesarengan ngaturaken raos
syukur wonten ngarsanipun
Gusti ingkang Maha Agung, ingkang sampun paring kasarasan, kawilujengan saha
katentreman dhumateng panjenengan sedaya dalasan kula, satemah ngantos dhumugi titi wanci punika,
panjenengan sedaya dalasan kula taksih saget makempal manunggal wonten ing
papan pahargyan wekdal punika kanthi
pinaringan wilujeng sedayanipun.
Para
tamu kakung saha putri ingkang kinurmatan, minangka babaring atur,
Bp.................................. kekalih lumantar kula kepareng hangambali
ngaturaken pambagya wilujeng rawuh, dhumateng sedaya para tamu kakung saha
putri, ingkang sampun kepareng lenggah wonten ing samadyaning pahargyan wekdal
punika. Maliginipun dhumateng kadang
badhe besan ingkang kinurmatan, sinareng raos panuwun ingkang tanpa pepindan,
mugi keparenga panjenengan para tamu sedaya kasuwun lelenggahan kanthi
mardikaning manah, saha
hangestreni tumapaking tatacara ngantos pari-purna.
Para
tamu ingkang winantu ing suka basuki,
lekas wekasaning sedya wigatosing gati, kepareng kula ngaturaken menggah
wigatosing atur,
nadyan panjenengan sedaya hambokbilih sampun ngawuningani gatining sedya ing kalenggahan punika, nun inggih ing nguni
Bp.................................... kekalih sampun gumolongaken rembag
kaliyan Bp.................................... sekaliyan, karana ing pangajab
sami-sami netepi
darmaning asepuh nedya ngempalaken balung apisah, ngraketaken daging arenggang ing
antawisipun Bp...............................
sekaliyan ingkang
kagungan putra asesilih Bg ............................................... saha
Bp..................................... kekalih ingkang hanggadhahi siwi putri asesilih Rr
.................................
Manunggaling
sedya ingkang sampun jumbuh, handaupaken putra badhe penganten nut satataning agami
miwah adat ingkang sampun lumampah wonten ing wewengkon mriki. Inggih awit saking sedayanipun sampun
manunggal cipta, rasa, miwah karsanipun, ing
kalenggahan punika sampun katindakaken tata upacara pasrah panampining upakarti.
Mugi-mugi
wekasing sedya saget kasembadan ingkang sami ginayuh, saha saking panyuwuning
Bp ......................................... kekalih mugi wontena jumurunging puji hastuti saking para tamu
sedaya mugi hanggenya Bp .................................. kekalih nampi
pasrah upakarti tansah manggih basuki ing sedayanipun. www.trisnosolo.com
Hambokbilih
Bp ............................................. kekalih sumrambahipun para
kulawarga hanggenipun nampi rawuh panjenengan sedaya kirang trep kaliyan palenggahan panjenengan sedaya,
awit saking punika Bp ...................................... kekalih, namung
tansah tumadhah lumebering pangaksami.
Ing
saklajengipun dhumateng
tangga tepalih, sanak sedherek lan kadang kaneman, ingkang sampun kepareng
hambiyantu saha paring kadarman ingkang arupi bandha, tenaga, penggalihan lan
rerigen sanesipun, sakestu sedaya
kalawau saget handamel entheng sesangganipun Bp
............................................. kekalih.
Mugi
kanthi kesaenan ingkang sampun panjenengan paringaken kalawau, sageta pinaringan
lelintu ingkang matikel-tikel
saking Gusti ingkang Maha Kawasa,
lan mugi-mugi dados amal sae saha
kuncaraning asma panjenengan piyambak-piyambak. Aamiin.
Para
tamu kakung saha putri ingkang winantu ing pakurmatan. Mengggah panyuwunipun
ingkang hamengku damel, mugi para tamu sedaya kersa hanglajengaken lelenggahan
ngantos dhumugi pari-purnaning pahargyan kanthi mardu mardikaning penggalih.
Wusananing
atur, kula minangka talanging basa saking ingkang hamengku gati, hambokbilih
wonten kirang saha langkungipun
anggen kula matur, kula tansah nyuwun agunging pangapunten.
Cekap
semanten, matur nuwun. www.trisnosolo.com
Wassalamualaikum Wr.
Wb.
(Sanggar Tresno Budaya)
(Sanggar Tresno Budaya)
ATUR PANAMPI PASRAH PANINGSET
TULADHA ATUR PASRAH PANINGSET
Kula
nuwun,
Assalamualaikum Wr. Wb.
Kawilujengan,
kamulyan minggahipun katentreman, mugi tansah kajiwa saha kasarira dhumateng
hangga panjenengan sedaya dalasan kula.
Para
pinisepuh saha sesepuh ingkang satuhu kinabekten, sumrambahipun para tamu
kakung saha putri ingkang satuhu
luhuring budi, maliginipun dhumateng Bp....................................
ingkang minangka srayanipun Bp..................................... sekaliyan
ingkang kinurmatan.
Sakderengipun
kula nglajengaken matur, langkung rumiyin sumangga kula dherekaken sesarengan
ngunjukaken puji syukur wonten ngarsanipun Gusti ingkang Maha Kawasa, ingkang
sampun paring kasarasan, kawilujengan saha katentreman dhumateng panjenengan
sedaya dalasan kula, satemah ngantos dhumugi wanci punika, panjenengan sedaya
dalasan kula taksih saget makempal manunggal wonten ing papan pahargyan punika
kanthi wilujeng.
Kula
minangka sulihipun Bp................................... kekalih, ngaturaken
pambagya wilujeng rawuh saha ngaturaken gunging panuwun, awit rawuh
panjenengan sakpangambyong wonten ing
papan pahargyan punika. Wondene atur salam taklim saking
Bp....................................... sekaliyan lumantar panjenengan, kula
tampi kanthi atur Wa’alaikum salam Wr. Wb.
Ing
saklajengipun hanggen panjenengan masrahaken paningset ingkang arupi kalpika
lan ubarampe sanesipun, ugi kula tampi kanthi bingahing manah, tumunten badhe
enggal kula aturaken dhumateng Bp .....................................
kekalih. Ing saklajengipun kula suwun
panjenengan sakpangambyong kersa hangestreni miwah paring pandonga mugi
lampahipun pahargyan tansah manggih wilujeng kinalisaken saking sedaya rubeda.
Katur
Bp ........................................ sakpangambyong, hambok bilih
pahargyan sampun paripurna, kula namung ngaturaken wilujeng kondur, mugi ing
mangke konduripun tansah manggih rahayu dumugi dalemipun piyambak-piyambak
mboten wonten alangan setunggal punapa.
Makaten
atur panampi kula minangka sulihipun ingkang hamengku gati. Wonten kirang saha
langkungipun hanggen kula matur, kula tansah nyuwun agunging pangapunten.
Cekap
semanten, matur nuwun
Wassalamualaikum
Wr. Wb.(Sanggar Tresno Budaya)
Langganan:
Postingan (Atom)