NO WASTING TIME!

Rabu, 10 Juli 2019

PAMBIWARA PAHARGYAN NGUNDUH MANTU


PAMBIWARA PAHARGYAN BOYONG PENGANTEN
(NGUNDUH MANTU) ADAT JAWA

Kula nuwun
Assalamualaikum  Wr.  Wb.
Para pinisepuh saha sesepuh ingkang satuhu kinabekten, sumrambah para tamu kakung saha putri ingkang kinurmatan.
Purwakaning atur, langkung rumiyin sumangga kula dherekaken sesarengan ngunjukaken puji syukur dhumateng Gusti ingkang Maha Kawasa ingkang taksih kepareng paring  kamirahan dhumateng panjenengan sedaya dalasan kula.
Nun inggih, kanthi peparing kanugrahan saking pangeran ingkang Maha Kawasa kalawau, wonten pahargyan ing titiwanci punika mugi kalisa ing rubeda sedayanipun, aamiin.
Ing sak lajengipun, kula minangka pambiwara wonten ing pahargyan punika badhe ngaturaken urut reroncening tatacara ingkang badhe lumampah:
-          Ingkang sepisan, rawuhipun penganten sarimbit saha pangombyong;
-          Kalajengaken lampahing tatacara pasrah panampi penganten sarimbit;
-    Paripurna pasrah panampi, kalajengaken lampahing tatacara adat: gepyokan, ngunjuk toya wening, kinalungan sekar rinonce kalajengaken  singkeban sindur;
-   Paripurna lampahing tatacara adat, kalajengaken penganten sarimbit kaboyong saha    kadherekaken lenggah ing sasana palenggahan,
-          Saksampunipun penganten lenggah, kalajengaken waosan pandonga,
-          Paripurna waosan pandonga, kalajengaken tata upacara pangabekten.
-          Paripurna pangabekten, kalajengaken hatur sugata utawi lelangen budaya sawatawis,
-  Ing saklajengipun, lelangen budaya kasigeg, kalajengaken lampahing tatacara hatur pambagyaharja,
-          Saksampunipun hatur pambagyaharja, kalajengaken peparing sabda tama,
-          Paripurna peparing sabda tama pratanda paripurnaning pahargyan ing kalenggahan punika.
Mekaten para tamu kakung saha putri, sampun kula haturaken menggah urut reroncening tata cara pahargyan ing wanci punika.
Ing saklajengipun katur para tamu kasuwun hanyekecakaken lenggah sinambi midhangetaken ungeling gendhing-gendhing ingkang kapiyarsa. Nuwun, matur nuwun.
------------- Rawuhipun pemanten sarimbit ..................
Para tamu kakung saha putri ingkang kinurmatan, kados-kados sampun wonten tengara menggah rawuhipun penganten sarimbit.
Awit saking punika, katur Bp ............................ ingkang kapiji nampi pasrah, kasuwun siyaga ing gati, makaten ugi dhumateng Bp.................................... saha Bp ................................... ingkang minangka panyumbul. Katur para asma ingkang sampun sinebat, kasuwun jumeneng wonten ing sasana pangandikan.
-Rawuhipun penganten sarimbit, sinubagya ungeling Ladrang Wilujeng Pbr.
Saget ngrumpaka (menawi wekdalipun nyekapi)
“Kawuryan temanten sarimbit sampun jengkar saking panti busana binayangkare kadang ingkang sampun piniji, temanten sarimbit hanggenya lumaksana wonten ing samadyaning pahargyan katon atut runtut gegandhengan asta tan bisa ginggang sakrikma pinara sapta. Tindakipun temanten sarimbit menawi pun pirsani nyengsemaken ingkang samya mirsani.
Saya caket tindakipun penganten sarimbit sampun prapteng unggyan ingkang tinuju. 
( Kalajengaken pasrah panampi )
            Katur Bp .................................. ingkang minangka pangarsaning lampah, sasana pasrah sawetahipun kasumanggakaken. Nuwun

(HATUR PASRAH)

Makaten sampun paripurna menggah atur pasrah, ing saklajengipun katur Bp..................................... wekdal panampi atur pasrah sakwetahipun kahaturaken. Nuwun

(HATUR PANAMPI PASRAH)

Makaten sampun paripurna menggah atur pasrah saha panampi. Ing saklajengipun badhe kalajengaken tatacara adat jawi ingkang winastan gepyokan, saha kalajengaken ngunjuk toya wening lan mengagem sangsang sekar mlathi rinonce
Ingkang ngasta unjukan tirta wening Ibu .................. Ing saklajengipun Ibu ....................... (penganten kakung) ngunjukaken tirta wening.
Saksampunipun paripurna lampahing tatacara adat jawi, kalajengaken putra penganten sarimbit sinengkeban sindur dening keng ibu, saha ing mangke tindakipun pinanganten sarimbit, ing ngarsa sung tuladha Bp............................ inggih keng ramanipun penganten kakung.
(Tindakipun penganten sinubagya ungeling Ketawang Boyong Basuki Pbr.)                       
(Saget karumpaka, hambokbilih wekdalipun hanyekapi )
Para tamu kakung saha putri ingkang kinormatan, sampun prapteng ungyan kang tinuju, ing saklajengipun badhe kalajengaken waosan pandonga, ewadene ingkang minangka mangarsani waosan pandonga Bp..........................................
Hambokbilih sampun samepta ing karya, wekdal pandonga sakcekaipun kula haturaken.  matur nuwun.
(Hambokbilih kawontenaken waosan ayat suci AL QUR’AN, saget dipun rumiyinaken/sak derengipun waosan pandonga).
----------------------------------------------------------------------------------------------------
Makaten sampun paripurna menggah waosan pandonga, kalajengaken tatacara adat ingkang winastan pangabekten.
Katur  ibu .................................... kasuwun mratitisaken lampahipun pangabekten, saha katur Bp ................................ kasuwun hanglolos ageman duwung penganten kakung.
Kagalih sampun siyaga sedayanipun, dhumateng ingkang tinanggenah sasana saha wekdal kula sumanggakaken, nuwun. Amrih rahayuning lampah widadaning sedya, lampahing pangabekten kairing ungeling Ladrang Santimulya / Mugirahayu.
Makaten sampun paripurna pangabekten, ing saklajengipun tumapak  hatur pambagyaharja.
Hatur pambagyaharja badhe kasarira dening Bp .................................. minangka sulihipun Bp ................... kekalih. Jumenengipun Bp .......................... kasumbul Bp ................................... saha Bp.............................. Katur Bp ....................................... sekaliyan kasuwun njumenengaken putra penganten  sarimbit, ingkang jinajaran rama ibu saha besan sekaliyan.
Hambokbilih sampun siyaga sedayanipun, sasana saha wekdal sakcekapipun kula sumanggakaken. Matur  nuwun.
(HATUR PAMBAGYAHARJA)
Makaten sampun pari purna menggah hatur pambagyaharja, ing saklajengipun katur para tamu kakung putri sedaya kasuwun hanyekecakaken lenggah, sinambi midhangetaken lelangen gendhing-gendhing ingkang badhe kahaturaken saking wirapradangga. Matur nuwun.
(HATUR SABDA TAMA) menawi wonten
Para tamu kakung saha putri ingkang kinurmatan, kados-kados pahargyan prasaja ing kalenggahan punika dungkap paripurna.
            Awit saking punika, katur Bp ............................... sekaliyan mugi keparenga nderekaken jengkaripun penganten sarimbit, rama ibu saha besan sekaliyan, tumuju sak ngajengipun kori pawiwahan sakperlu nampi atur pamitipun para tamu sedaya.
Hambokbilih sampun siyaga sedayanipun, sumangga wekdal sawetahipun kula sumanggakaken.
          Minangka pratandha paripurna pahargyan, hambokbilih sampun kapireng ungeling Ayak-Ayakan Slendromanyura, saha kalajengaken Ladrang Tedak Saking Pbr, kalajengaken Ladrang Gleyong Pl 6.
[ Nengga bidhaling tamu jengkar, sinambi matur ]
Para tamu kakung saha putri, makaten sampun paripurna pahargyan prasaja ing kalenggahan punika, mboten kesupen kula ingkang minangka pambiwara ing kalenggahan wekdal punika, hambokbilih manggih kalepatan ingkang arupi menapa kemawon, kula tansah hanyenyadhong lumunturing pangapunten.
Saha konduripun para tamu sedaya kula derekaken kanthi asesanti jaya-jaya wijayanti rahayuwa ingkang sami pinanggih.
Nuwun, matur nuwun.
Wassalamualaikum  Wr.  Wb.

(Sanggar Tresno Budaya Surakarta / 085-6006-999-26)

0 komentar: