NO WASTING TIME!

Jumat, 09 November 2018

NGRUMPAKA PENGANTEN PANGGIH



NGRUMPAKA PENGANTEN PANGGIH
Wus dumugi wahyaning mangsakala, saking panguwaosing Gusti kang Maha Nasa. Ana titahing Gusti kang asipat Priya tanapi wanita kang badhe apala krama, nenggih kang asesilih Bagus................................ saha Rr ............................. kang wus katingal samya kadherekaken lumaksana mangarsa.

Sintentha ingkang kinarya pangarihing penganten putri, sang penganten putri kakanthi dening ibu ......................... saha ibu ............................. kang wus jengkar saking sasana palenggahan.

Lumaksananira penganten putri kahiring Bp ............................. sekaliyan ingkang tansah nderekaken lampahira sang penganten putri arsa nindakaken upacara panggih penganten.

Saya caket-saya caket hanggennira samya lumaksana mangarsa, sintentha ingkang kinarya pangarihing penganten kakung, minangka pangarihing penganten kakung kasarira Bp ............................................ saha Bp ..........................................................

Penganten hanggenira lumaksana saya caket hanyaketi unggyan kang tinuju nenggih wontening sasana panggih, minangka pambukaning upacara panggih penganten kanthi pratandha samya hatangkep asta.

Tangkeping asta penganten sarimbit pratanda wis ngancik tumapaking lelumban ing bebrayan agung, nut satataning pranatan kang wus sinengker ing nuswantara.

Kanthi siningkeban sindur dening keng ibu, sang penganten sarimbit kadherekaken lumampah tumuju ing sasana rinengga, jroning lampah penganten sarimbit ing ngarsa sung tuladha nenggih keng ramane penganten putri,........ ya......... Bp .............................. lumaksanane Bp ................................. kanthi madhep mantep pandulu nira kang wus hanggandhek keng putra penganten tumuju unggyan kang tinuju.

Punapata kang den agem busana penganten sarimbit, penganten sekaliyan ngagem busana tinaretes ing sesutya mawa retna kang mangemba busana nalendra ing Surakarta Hadiningrat.

Abyor mompyor pangageming penganten sekaliyan, yen sinawang saking ketebihan kadya sumunaring surya kang sumirat.

Sakjroning lampah penganten sekaliyan kadherekaken para kadang cinaket, ingkang tansah ndherekaken lampahira tumuju ing sasana pinajang.

( Menawi bapakipun wonten wingking )
Saya caket hanggenira lumaksana penganten sarimbit hanyaketi dhampar wewangunan, ingkang tansah kandherekaken hanggenira lumaksana dening tiyang sepuhipun ingkang tansah hanresnani.


Ing saklajengipun penganten sekaliyan lenggah jajar kanthi manah jenjem, ayem kang wus hamirsani para sanak kadang kang samya hanenggani.

(Sanggar Tresno Budaya Surakarta / 085600699926)

Youtube Channel:
https://www.youtube.com/watch?v=TJzuKyCwtYY


0 komentar: