NO WASTING TIME!

Jumat, 09 November 2018

NGRUMPAKA PENGANTEN SUNGKEM



NGRUMPAKA SUNGKEM
Penganten kakung wus jengkar saking dhampar, hanganhti ingkang garwa lumarap angabyantara mring rama ibunipun, estining panggalih namun sumedya sumungkem anguswa pepadaning rama ibu.

Sigra tumungkul amarikelu yayah konjem ing bantala wadananira penganten sarimbit, tangkeping asta sumembah ing jengku kanan, sinartan eninging cipta rumasuk sanubari, anyenyadhang rumentahing pangastawa saking ingkang rama ibu, mrih estining driya denira mangun brayan kinabulaken dening Gusti ingkang Maha Welas lan Maha Asih.

Lir senendal mayang jroning panggalih dupi ingkang rama ibu inguswa pepadanira dening ingkang putra. Sumedhoting wardaya tan bangkit sinayutan, sakala angelus-elus pamidhangane penganten putri, kebak ing rasa asih sutresna.

Kawuwusa nampi sihing rama ibu ingkang dhahat tumekeng kalbu, sanalika penganten angles kekes kadya linolosan bebanyunira, hangga hangalumpruk pindha kapuk. Tan kuwawa anandhang duhkithaning galih, waspa mijil amarawayan. Tumetesing waspa tumiba pangkoning ingkang rama ibu, cinandra kadya mutiara rinonce.

Punapa ta menggah darunane  jruning sumungkem anguswa pepadane ingkang rama ibu,    penganten aggung anget marang purwaning dumadi, duk rikala kalahirake aneng jagat padang
Enget marang rama kang wus sembada ngukir jiwa raga, miwah dadya lelantaring tuwuh.

Enget marang ibu kang wus kawawa dadya papaning yoga brata salebeting nawa candra dasa   ari, sarta anglelithing anggulawenthah wiwit kalane samana ngantya dewasa.

Eling – eling risang penganten wiwit timur mula anggung gininggung mring pepoyening kautamen, amila amung sakedhap netra wus bangkit angusadani onenging nala, nadyan anandhang sungkawa, cekap sinamun ing samudana. Waspada ing semu anguningani ingkang putra denira karerantan ing batin, kaya kawijil pangandikanira, mesi wasita adi;

Anakku ngger, Rara ...................................... lan Bagus ........................................, duk kalane isih cilik sira tak kekudang, yen ta dewasamu bisa manengku lan mengku dening sisiahanira muga-muga bisa rukun lan narima ing lakune swasana.

Ing kalungguhan iki, sapira ta lega bungahing atiku, dene kekudanganku wus dadi kasunyatan, kang mangkono, ora liwat aku kang dadi wong tuwamu hamung bisa hanyengkuyung karo kang murbeng dhumadi, muga hanggonmu hamangun bebrayan inggal tumeka ing gisiking gegayuhanmu.

Sarta dak sesuwun rina kalawan wengi, muga inggala antuk talining asmara, yaiku wujuding golek kencana kang bisa tata janma, kang datan liya momongan minangka rengganing wisma.
Anakku; ngger, muga-muga kanthi rahmating  Gusti kang akarya jagad tansaha memayungi kang dadi  gegayuhanmu.

Dhuh rama ibu, keng putra kekalih nglenggana, taksih kathah dedosa kula dhumateng rama ibu, punapa malih kula sakloron rumaos dereng saged madeg kanthi jejeg, pramila kula sakloron tansah nyuwun lan tumadhah pangertosan maligi ing panggesangan.


Kanthi panuntun panjenengan duh rama ibu, mugi kula saged nglampahi punapa ingkang dados kekudangan panjenengan sekaliyan.

(Sanggar Tresno Budaya Surakarta - 085600699926) 

Youtube Channel
http://www.trisnosolo.com/2018/11/ngrumpaka-penganten-panggih.html

0 komentar: