NO WASTING TIME!

Jumat, 14 September 2018

PAMBIWARA PASRAH PANINGSET

PAMBIWARA
TATA UPACARA PASRAH PANINGSET



Kula nuwun
Assalamualaikum  Wr.  Wb.
Kawilujengan, kamulyan minggahipun katentreman, mugi tansah kajiwa saha kasarira dhumateng hangga panjenengan sedaya dalasan kula.
Sakderengipun kula hanglajengaken menggah menapa ingkang dados wigatosing pahargyan kalenggahan dinten punika; sumangga langkung rumiyin kula dherekaken manengku puja wonten ngarsa dalem Allah SWT ingkang ngantos dinten lan kalenggahan punika, taksih kepareng paring  rohmatipun dhumateng panjenengan sedaya dalasan kula, katitik panjenengan sedaya para tamu kakung saha putri saget hangrawuhi pahargyan lampahipun tata upacara pasrah paningset ing dinten punika.
Para tamu kakung saha putri ingkang winengku ing pakurmatan, wonten ing kalodangan punika kula minangka pambiwara badhe ngaturaken menggah urut reroncening pahargyan ing dinten punika.
-   Lampahing tatacara ingkang sepisan, sak sampunipun pinisepuh saha pangarak badhe besan lenggah sawatawis, kalajengakan pasrah panampining paningset.
-       Paripurna pasrah panampi paningset, kalajengaken liru kalpika.
-       Paripurnaning liru kalpika kalajengaken atur pambagyaharja.
-       Tata cara ingkang pungkasan paripurnaning pahargyan ing kalenggahan punika.
Pratandha paripurnaning pahargyan, kagalih ingkang hamengku gati sampun kadherekaken jumenemg wonten sak ngajenging wiwara pahargyan, ingkang saperlu nampi hatur pamitipun para tamu sedaya.
Makaten para tamu, sampun kula haturaken menggah urut reroncening pahargyan wekdal punika.
TUMAPAKING TATA UPACARA
Para tamu kakung saha putri sumrambah para pinisepuh saha sesepuh ingkang satuhu kinurmatan, hangrungtuti tatacara ing saklajengipun, badhe tumapaking tatacara pasrah panampi paningset, katur Bp ......................................... ingkang kinarya talanging basa panampi saha sulihipun Bp ...................................... sekaliyan, kasuwun siyaga ing diri. Saha katur Bp ........................................ saha Bp ...................................... ingkang minangka panyumbul, kekalihipun kasuwun siyaga ing karya.
Saha dhumateng Bp ...................................... ingkang minangka sulihipun badhe besan, ugi siyaga ing gati, jumenengipun kasumbul Bp .................................. saha Bp ......................................
Kagalih sampun siyaga ing sedayanipun katur Bp ......................................... sasana saha wekdal pasrah sak cekapipun kula aturaken. Nuwun. (Sanggar Tresna Budaya Surakarta)

----------------------------------------------
( ATUR PASRAH PANINGSET )
----------------------------------------------
Makaten sampun paripurna menggah atur pasrah, saklajengipun katur Bp............................................... ingkang kapiji hanampi atur pasrah, sasana saha wekdal sacekapipun kasumanggakaken.
Nuwun.
-----------------------------------------------------------------------


( ATUR PANAMPI PANINGSET )

-----------------------------------------------------------------------
Makaten sampun paripurna  lampahing liru-kalpika, ing saklajengipun katur para tamu kakung saha putri, saking panyuwunipun ingkang hamengku gati kasuwun nglajengaken lelenggahan kanthi mardikaning manah, sinambi hangresepi lelangen gendhing-gendhing saking kadang wira pradangga. 
Nuwun. 
-------------------------------------------------------------------------
Para tamu kakung saha putri ingkang kinurmatan, wonten ing pahargyan wekdal punika kula badhe nglajengakeng menggah tatacara candhakipun inggih punika                       hatur pambagyaharja.
Awit saking bombong saha mongkoging manah, ingkang hamengku gati  mboten kuwawi matur piyambak wonten ngarsa para tamu sedaya. Kanthi punika menggah rumentahing hatur pambagya harja nyuwun gunganipun dhumateng Bp................................ mugi wonten keparengipun sesulih talanging basa hatur pambagyaharja.
Tumapaking tatacara hatur pambagyaharja, katur Bp ......................... sekaliyan keparenga mratitisaken jumenengipun ingkang hamengku gati sekaliyan. Hambokbilih sampun siyaga ing sedayanipun, sasana saha wekdal sakcekapipun kahaturaken.
Nuwun. (Sanggar Tresno Budaya Surakarta)
-----------------------------------------------------------------------
 ( ATUR PAMBAGYAHARJA )

-----------------------------------------------------------------------
Makaten sampun paripurna atur pambagyaharja ingkang kasarira Bp ...............................
Ing saklajengipun katur para tamu kakung saha putri mugi  keparenga lelenggahan kanthi mardikaning manah sinambi midhangetan lelangen saking kadang wirapradangga.
Para tamu kakung saha putri ingkang winantu ing pakurmatan. Mekaten sampun paripurna menggah pahargyan wonten ing kalenggahan punika, ing saklajengipun katur Bp ................................sekaliyan kasuwun mratitisaken jumenengipun ingkang hamengku gati, wonten sakngajenging kori pahargyan, ingkang saperlu tangkep asta saha ndherekaken konduripun para tamu sedaya.
Konduripun para tamu sedaya, kula dherekaken kanthi atur, mugi wilujeng ingkang sami pinanggih. Nuwun.

Wassalamualaikum Warahmatullahi Wabarakatuh.

(Sanggar Tresno Budaya Surakarta)

0 komentar: