NO WASTING TIME!

Jumat, 07 September 2018

TULADHA ATUR PANAMPI PANGLAMAR


Kula nuwun,
Assalamualaikum  Wr.  Wb.
            Kawilujengan, kamulyan minggahipun katentreman, mugi tansah kajiwa saha kasarira dhumateng hangga panjenengan sedaya dalasan kula.
            Katur Bp ........................................ sak sedherek ingkang kinurmatan, langkung rumiyin sumangga kula dherekaken ngunjukaken puji syukur wonten ngarsanipun Gusti ingkang Maha kawasa, ingkang sampun paring kasarasan, kawilujengan saha katentreman dhumateng panjenengan sedaya dalasan kula, satemah ngantos dumugi wanci  punika taksih saget makempal manunggal wonten ing dalemipun Bp....................................... kanthi wilujeng.
            Ing saklajengipun kula kepareng matur maliginipun dhumateng Bp ........................................ ingkang minangka sulihipun Bp................................... sekaliyan. Sak derengipun kula nglajengaken matur, kula ndherek pitepangan bilih kula .............................. minangka sulihipun Bp..................................... kekalih inggih tiyang sepuhipun Rr.................................. .
            Menggah punapa ingkang sampun panjenengan ngendikakaken kalawau, kula sampun mangertos sedaya, saha ing mangke namung sumarah dhumateng lare kula ingkang badhe  nglampahi  (......................nanting larenipun.............................)
Saksampunipun kula nari lare kula menggah atur panglamar panjenengan kula tampi. Ewadene dinten Ijab Qabul saha pahargyan mangke saget dipun rembag sanes wekdal.
            Makaten ingkang saget kula aturaken dhumateng panjenengan sak sedherek, wonten kirang saha langkungipun hanggen kula matur, kula sak keluarga tansah nyuwun agunging pangapunten.
Cekap semanten, matur nuwun.

Assalamualaikum  Wr.  Wb.

(Dening Sanggar Tresna Budaya Surakarta / 085600699926)

0 komentar: