NO WASTING TIME!

Kamis, 25 Oktober 2018

PAMBIWARA PAHARGYAN PENGANTEN



PAMBIWARA PAHARGYAN PENGANTEN
(ADAT JAWA)

Kula nuwun,

Assalamualaikum Wr.  Wb.

Kawilujengan, kamulyan minggahipun katentreman, mugi tansah kajiwa saha kasarira dhumateng hangga panjenengan sedaya dalasan kula.
Dhumateng para pinisepuh saha para sesepuh ingkang kula bekteni, para tamu kakung saha putri ingkang tansah kula tresnani.

Sak derengipun kula hangaturaken menggah reroncening tata cara ingkang sampun kasanggid dening para kulawangsa, langkung rumiyin sumangga kula dherekaken ngunjukaken puji syukur wonten ing ngarsanipun Gusti ingkang Maha Kawasa, inggih   awit saking peparingipun barokah saha rohmatipun, satemah saget handayani pahargyan wekdal punika sumrambahipun dhumateng panjenengan sedaya dalasan kula, ingkang taksih dipun parengaken kempal manunggal wonten ing wisma pahargyan ing mriki kanthi kebak ing kabagyan.

Sinawung wigatosing sedya, mugi tata cara lampahing pahargyan ing kalenggahan punika, tansah winantu ing karaharjan, tebih saking rubeda.

Para tamu kakung saha putri, para pinisepuh saha sesepuh ingkang mahambek budi darma, mugi wonten keparengipun kula minangka pambiwara, badhe hangaturaken urut reroncening pahargyan ingkang badhe lumampah;

·        Lampah tatacara ingkang sepisan, miyosipun penganten putri saking panti busana.
·      Lampah tatacara ingkang angka kalih, bidhalipun sang dhuta pamapag.                                 Saklajengipun tatacara candhakipun menggah sowanipun penganten kakung kalajengaken pasrah panampi.
·        Paripurna pasrah panampi, kalajengaken tatacara panggih penganten.
·      Saksampunipun tatacara panggih, kalajengaken putra panganten sarimbit kadherekaken lenggah ing sasana palenggahan ingkang sampun sumadya.
·        Menggah lampah tatacara candhakipun, tumapak waosan pandonga.   
·      Paripurna waosan pandonga, kalajengaken lampahing tatacara lan upacara adat ingkang winastan upacara krobongan jangkep.
· Paripurna lampahing tatacara krobongan, kalajengaken rawuhing besan sekaliyan saha pangombyongipun.
·     Saksampunipun besan lenggah sawetawis, kalajengaken lampahing tatacara pangabekten.
·     Paripurna pangabekten, kalajengaken hatur pasugata lelangen budaya.
·     Sawetawis lelangen kasigeg, kalajengaken tumapaking hatur pambagyaharja.
·     Paripurna hatur pambagyaharja, kalajengaken hatur sugata lelangen budaya ing candhakipun.
·   Paripurna lelangen budaya, kalajengaken paripurnaning pahargyan ing kalenggahan wekdal punika.
· Pratandha paripurnaning pahargyan, kagalih penganten sarimbit, rama-ibu, saha besan sekaliyan sampun kadherekaken tumuju ing sakngajenging kori pahargyan ingkang saperlu nampi saha ndherekaken konduripun para tamu sedaya.

Makaten sampun kula haturaken menggah urut reroncening tatacara pahargyan, kaliyan hanyrantos tumapaking tatacara ing candhakipun, katur para tamu sedaya kasuwun hanyekecakaken lelenggahan kanthi mardikaning manah.  Nuwun.

--------------- Tumapaking upacara ---------------

Para tamu kakung saha  putri miwah para pinisepuh saha sesepuh ingkang kinurmatan, pambiwara sampun nampi sasmita saking sesepuh, bilih penganten putri sampun rampung hanggenipun amulas wadana angrasuk busana, awit saking punika, hangruntuti tata cara ingkang sampun karakit, tumunten badhe kadherekaken jengkar saking panti busana tumuju dhumateng ing sasana rinengga.

Sumedyaning kayun saha hangetrepi tata upacara adat widi widana ingkang sampun sinengker dining trah Surakarta Hadiningrat.

Ingkang punika dhumateng ibu ..................................... saha ibu .................................... kanthi suka rena, kasuwun hanganthi penganten putri mugi kalenggahaken ing sasana kursi rinengga ing samadyaning bale winangun.

Para tamu saha para pinisepuh saha sesepuh, nyuwun tambahing pangestu, dene lampahing penganten putri kinurmatan kanthi ungeling ketawang ....................................

(Cathetan)
Utawi inggih saged mawi sasmita gending tuladhanipun makaten.
                         
Yen cinandra tindakipun penganten putri pindha sekar mancawarna ingkang kaseliring maruta/mangambar arum gandaning penganten putri pindha mekaring kusuma.

-------------------- Tumunten ungeling Ktw. ..........................................

(Ngrumpaka Lampahing Penganten Putri)
Tuladha aturipun pambiwara sasampunipun penganten putri lenggah;
Para tamu kakung saha putri saha para lengggah ingkang tansah winantu ing pakurmatan, makaten kanthi lulus raharja tindakipun penganten putri ingkang ginarubyug para kadang tumuju balai winangun
.
Penganten putri sampun lenggah wonten ing kursi rinengga, jroning wardaya kalian hanyrantos jejoko mudha ingkang dadya geganthilaning ati, kanthi hanyrantos tumapaking tata cara, ingkang punika dhumateng Bp ............................. minangka dhuta pamapak penganten kakung tumuju dhumateng papan pambusanan, wekdal sawetahipun kasumanggakaken, murih rahayuning sedya widadaning lampah, tindakipun sang dhuta pamapak sinawung ungeling  Ayak-ayakan Pl Br

Tuladha aturipun pambiwara wekdal penganten kakung saking panti busana;

Tumapak tatacara ing candhakipun, penganten kakung jengkar saking sasana busana.
Tindakipun penganten kakung jengkar saking sasana busana kabiwaldha ungeling Ladrang Wilujeng.

Awit rawuhipun sesepuh saking penganten kakung, dhumateng Bp........................................ kasuwun siyaga ing sangandhaping pandhapi agung ingkang saperlu ing mangke badhe nampi pasrahipun penganten kakung, jumenengipun Bp........................................... kasumbul Bp ......................................... saha Bp .......................................

Dhumateng Bp ................................. kasuwun mratitisaken rawuhipun penganten kakung sakpangombyong, dhumateng ingkang tinanggenah wekdal saha panggenan sawetahipun kula haturaken, matur nuwun.

Tuladha pambiwara hamiwiti badhe pasrah;

Para tamu kakung saha putri, kados-kados sampun siyaga ing sedayanipun, awit saking punika dhumateng Bp ...................................... ingkang minangka hatur pasrah, wekdal sakcekapipun kula haturaken. Nuwun, matur nuwun.

(HATUR PASRAH)
Tuladha haturipun pambiwara sasampunipun hatur pasrah;
Makaten para tamu saha para lenggah, sampun pari purna hatur pasrah, ing saklajengipun katur    Bp ...................................... keparenga hanampi hatur pasrah, wekdal sakcekapipun kula haturaken. Nuwun,  Matur nuwun.

(HATUR PANAMPI)
Tuladha haturipun pambiwara sak sampunipun pari-purna pasrah-panampi tumapak tatacara panggih penganten.
Para tamu kakung saha putri ingkang kepareng lelenggahan ing samadyaning pahargyan, makaten sampun paripurna tatacara pasrah panampining penganten, ingkang punika kalajengaken tatacara panggih penganten nut satataning adat ingkang lumampah wonten ing wewengkon Surakarta Hadiningrat.

Keparenga kula hangaturaken para paraga ingkang sampun piniji mratitisaken miwah nyamektakaken ubarampening panggih.

a.       Ingkang kasuwun mratitisaken panggih        Ibu ......................................
b.      Cecawis ubarampe panggih                           Ibu / Sdr / Rr ......................
c.       Pangarih-arih penganten kakung                  Bp .......................................
                Bp ......................................

d.      Ngasta nampan isi sindur                             Rr .......................................
e.       Patah sakembaran                                        Anak angger......................
                                                                     Anak angger......................
            f .  Pangarih-arih penganten putri                      Ibu .....................................      
                                                                           Ibu .....................................
g.  Nyingepi sindur                                            Ibu penganten putri
            h.  Ingarsa sung tuladha                                     Rama penganten putri

Makaten sampun kahaturaken menggah para paraga ingkang kepareng badhe manggihaken penganten, saha hambokbilih sampun siyaga ing sedayanipun tumapaking tatacara panggih kula sumanggakaken dhumateng ingkang tinanggenah.

Tumapaking tatacara panggih kanthi kinurmatan ungeling gendhing Kodok Ngorek, saha katur para tamu wontening lampah tatacara panggih, panyuwun ingkang hamengku gati mugi wonten keparengipun paring donga pangastuti dhumateng penganten sarimbit kanthi lelenggahan kewala. Nuwun.

(Ngrumpaka penganten panggih)
Makaten para tamu kakung saha putri, sampun paripurna menggah lampahing tata upacara panggih penganten. Ing saklajengipun katur para tamu kakung saha putri kasuwun lelenggahan kanthi mardikaning penggalih sinambi midhangetaken ungeling gendhing saking kadang pangripta gendhing.

Atur sasampunipun panggih penganten ;
Para tamu kakung saha putri ingkang kinurmatan, makaten sampun pari purna tatacara panggih penganten. Ing saklajengipun badhe kalajengaken tatacara adat jawi ingkang winastan tatacara krobongan jangkep, awit saking punika dhumateng ibu juru rias mugi keparenga mratitisaken lampahipun tatacara adat jawi ingkang badhe lumampah, saha katur ibu ...................................... keparenga cecawis ubarampening tatacara adat jawi.

Kagalih sampun siyaga sedayanipun, katur ingkang tinanggenah, sasana upacara adat sawetahipun kula haturaken.

Minangka pangiring lampahipun tatacara adat jawi kahiring Ladrang Sriwidada ;

-----------------------------------------------------------------------------

Lampahing tatacara adat jawi wonten 3 perangan.
Lampahing tatacara adat ingkang sepisan, ingkang winastan Trajusing (bobot timbang) 
Menggah werdining bobot timbang, sekawit putra Bp ..................................... sekaliyan namung setunggal, ngancik titiwanci kalenggahan punika sampun tambah setunggal inggih punika Bg.................................. putra kakungipun Bp .................................. sekaliyan ugi ingkang winastan putra mantu.

Sanadyan punika putra mantu, namung jroning manah Bp ..................................... sekaliyan karengkuh kadosdene putra piyambak, pramila menawi dipun bobot lan dipun timbang, menika sami awratipun lan sami bobotipun. Pangrengkuh mboten wonten putra piyambak lan putra mantu, sedaya karengkuh kadosdene putra pribadi.

Sasampunipun bobot-timbang pari purna, kalajengaken tatacara candhakipun ingkang winastan tatacara kacar- kucur.

Menggah werdining kacar-kucur punika, minangka asok bandha lan guna-kayanipun putra penganten kakung dhumateng ingkang pawestri.
Saksampunipun katampi minangka peparing saking ingkang garwa, sang pinanganten putri mboten katalumpen emut purwaning duksina, pramila emut dhumateng tiyang sepuhipun ingkang ngukir jiwa-raganipun, wiwit saking guwa garba ngantos dumugining akhir dewasanipun, pramila minangka bhekti, saperangan peparing saking ingkang garwa, kacaosaken dhumateng tiyang sepuh kekalih.

Pari-purna kacar-kucur, kalajengaken tatacara ing candhakipun, ingkang winastan kembul bujana.

Menggah werdinipun, menika nedahaken minangka karukunaning bebrayan ing antawisipun kakung lan pawestri, pangajab hambokbilih manggih gesang ingkang ngremenaken, sesarengan dipun raosaken babagan kabingahan kalawau. Namung kosok wangsulipun, hambokbilih mrangguli kawontenan ingkang mboten ngremenaken, supados sedaya kalawau dipun raosaken sesarengan.

Werdi ing sanes, yen ana kepenake ayo pada dirasakake bebarengan, lan yen ana ruwet rentenging bebrayan ayo padha disangga bebarengan. Saha wonten tetembungan ing sanes, yen ana rasa legi lan pahit ayo padha dirasakake bebarengan.

Pari-purna kembul bujana, kalajengaken rawuhipun besan sekaliyan ;

Katur Bp .................................. sekaliyan mugi wonten keparengipun mratitisaken rawuhipun besan sakpandherek.

Saha dhumateng Bp ....................................... sekaliyan keparenga mratitisaken ingkang hamengku gati saperlu mangayu bagya rawuhipun besan sekaliyan.

Rawuhipun sinubagya ungeling Ladrang Tirta Kencana P.br. / Ldr. Manis P.br. Nuwun.

Para rawuh kakung saha putri hangruntuti tata cara sak lajengipun lampahing sungkeman. Katur ibu ..................................... kasuwun mratitisaken lampahipun sungkem panganten, saha dhumateng Bp .................................. kasuwun hanglolos ageman duwung putra penganten kakung.

Menawi kagalih sampun siyaga ing sedayanipun, dhumateng ingkang sampun sinebat asmanipun kasuwun siyaga ing gati hanindakaken karya  ............... Nuwun.

Lampahipun tatacara pangabekten sinubagya ungeling; Ldr. Mugi Rahayu Slm, L/dr Santi Mulya P. Br, /Ldr , Rangayu Pbr.

(Ngrumpaka Penganten Sungkem)

---------------------------------------------------------------------------
Makaten sanggya tamu, sampun pari-purna menggah lampahing pangabekten, ing saklajengipun kaliyan hanyrantos tumapaking tatacara candhakipun, saking ingkang hamengku gati badhe caos sugata ingkang arupi lelangen ............................... sawetawis

Kanthi makaten, katur kadang wira pradangga kasumanggakaken. Nuwun.
Para tamu kakung saha putri, pari paksa lelangen budaya kasigeg sawatawis, kinen nglajengaken lampahipun tatacara ing sak lajengipun. Menggah lampahing tatacara ing candhakipun, dhumawah hatur pambagyaharja, awit saking bombonging manah sampun ngawuningani semanten kathahipun para tamu ingkang sampun kepareng rawuh, pramila atur punika namung kandheg wonten ing satelenging jangga kewala, wonten ing kalodangan titi wanci punika nyuwun gungan katur Bp ..................................... mugi wonten keparengipun jumeneng sesulih talanging basa hatur pambagyaharja, menggah jumenengipun Bp.................................... kasumbul Bp ..................................... saha Bp ....................................  Dhumateng Bp ........................................ sekaliyan kasuwun mratitisaken jumenengipun penganten sekaliyan rama ibu  saha besan sekaliyan.

Kagalih sampun siyaga ing sedayanipun, dhumateng ingkang tinanggenah sasana saha wekdal kasumanggakaken. 

Nuwun.
(HATUR PAMBAGYAHARJA)
Makaten pari-purna hatur pambagyaharja, ing salajengipun panyuwun saking ingkang hamengku gati, katur para tamu sedaya wonten keparengipun hanglajengaken lelenggahan kanthi mardika, saha midhangetaken atur sugata gending-gending saking para kadang wira pradangga.      Nuwun.

Para tamu kakung saha putri, kados-kados pahargyan ing kalenggahan wekdal  punika sampun ndungkap pari-purna, awit saking punika katur Bp................................... sekaliyan, mugi wonten keparengipun jengkaraken penganten sekaliyan, besan sekaliyan, saha ingkang hamengku gati sekaliyan, kadherekaken  tumuju dhumateng sangajenging wiwara pahargyan ing saperlu nampi atur pamit saha nguntabaken konduripun para tamu sedaya.

Kagalih sampun siyaga ing sedayanipun, dhumateng ingkang tinanggenah mratitisaken wekdal salajengipun kasumanggakaken.  Nuwun.

Konduripun para tamu sedaya, kula dherekaken kanthi manggih wilujeng ing sedayanipun.

(Gending ayak-ayakan Slm – Ldr Tedhak Saking Pl.6 – Ldr Gleyong Pbr.)

Kula minangka ingkang kajibah pambiwara, hambokbilih wonten kirang langkungipun anggen kula matur, kula nyuwun gunging pangaksama.


Wassalamualaikum  Wr.  Wb.

(Sanggar Tresno Budaya Surakarta / 085600699926)

0 komentar: