NO WASTING TIME!

Kamis, 25 Oktober 2018

ATUR PASRAH PENGANTEN




HATUR PASRAH PENGANTEN
ADAT JAWA
Kula nuwun,

Assalamualaikum  Wr.  Wb.

Kawilujengan, kamulyan minggahipun katentreman, mugi tansah kajiwa saha kasarira dhumateng hangga panjenengan sedaya dalasan kula.

Para  pinisepuh saha sesepuh ingkang satuhu kinabekten, sumrambahipun para tamu kakung saha putri ingkang winengku ing karahayon, maliginipun Bp................................ minangka srayanipun Bp .......................................... sekaliyan.

Sakderengipun kula nglajengaken matur, langkung rumiyin sumangga kula dherekaken sesarengan ngunjukaken puji syukur wonten ngarsanipun Gusti ingkang Maha Kawasa, ingkang sampun paring kasarasan, kawilujengan saha katentreman dhumateng panjenengan sedaya dalasan kula, satemah wonten ing titi wanci punika panjenengan lan kula taksih saget makempal manunggal wonten ing wisma pahargyan kanthi manggih wilujeng.

Menggah wigatosing pisowan kula, kula minangka srayanipun Bp............................... kekalih, ngaturaken salam taklim kanthi atur Assalamualaikum Wr Wb, mugi kahaturaken dhumateng ingkang hamengku gati. Saklajengipun sowan kula ing mriki, sinaraya supados hamasrahaken penganten kakung Bg................................. putra kakungipun Bp................................. kekalih ingkang badhe kapanggihaken kaliyan Rr ................................ putra pawestrinipun Bp ...................................... sekaliyan, nut satataning adat ingkang sampun lumampah wonten ing wewengkon mriki. Awit sedayanipun sampun cekap, pramila penganten kakung sawetahipun kula pasrahaken dhumateng panjenengan, lan kula sapangombyong namung ndherek memuji mugi lampahipun pahargyan tansah manggih wilujeng kinalisaken saking sedaya rubeda.

Hambokbilih pahargyan ing mangke sampun paripurna, kula sakpangombyong nyuwun pamit saha nyuwun donga pangestu mugi wangsul kula tansah manggih wilujeng sedayanipun.

Makaten menggah ingkang saget kula aturaken wonten ngarsa panjenengan, mboten kesupen wonten lepat anggen kula sowan sapangambyong, punapa dene kula ingkang minangka talanging basa, wonten kirang saha langkungipun tansah nyuwun agunging pangapunten.

Cekap semanten, matur nuwun.


Wassalamualaikum Wr   Wb

(Sanggar Tresno Budaya / 085600699926)

0 komentar: